Bandhu Banyumasan (8) – Muskhil ngGambar Ala Asal-asalan

Bandhu Banyumasan (8). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Ala Asal-asalan

 

Teknologi Anyar

Bu Angry rumangsa, yen guru kuwe, jere, tingkahe, polahe, kelakuan lan sifate, kudu digugu lan ditiru.

Jere maning, guru kuwe kudu sumringah, sabar, ora gampang rengu. Semangat terus gole mbimbing bocah.

Kabeh mau, mbesuk, nggo kemulyane murid lan anak buyute, neng jaman alamengko.
Guru ora kena mandheg ing pangudi.

Majuning teknologi, merekna guru kudu ningkatna wawasan, apa-apa sing jere teknologi anyar.

Apa maning Bu Angry kuwe guru fisika, dadi thithik mendhing kudu ngerti teknologi anyar.
***

“Teknologi apa sie ya, sing maen jaman siki?” Ah, maring perpustakaan lah, maca koran, mbok ana bab sing maen, kena nggo gawe penyurung supaya bocah bisa maju!

Bu Angry banjur tindak maring perpustakaan.
Bareng neng perpustakaan malah ora betah. Merga kesumuken.

Pancen awan kuwe srengene lagi njepret njeprete, dadi panase nggedhabyah.
“Lah Indonesia, ana srengenge, maen pisan kaya kiye, dhongen toli kena nggo ndukung teknologi ya?!” Ngendikane Bu Angry neng batin.

Merga kepanasen kuwe, malah dadi mletik penggalihe, lamona bocah-bocah kudu duwe wawasan bab teknologi anyar, tenaga surya, istilah sing umum jenenge “Solar Cell”.
Nanging bareng nggoleti buku bab Solar Cell ora nemu.
Hehe!
.
Mula bareng mlebung kelas, banjur paring tugas ngumah, maring bocah-bocah, kaya sayembara:
“Sok sapaha sing duwe artikel utawa gambar bab Solar Cell bakal olih biji sing apik!” Ngendikane Bu Angry, mbok kaya agi gawe sayembara!

Ora kliwat kelase Muskhil, ya olih tugas. Banjur ana sing takon,
“Conto teknologi solar cell, napa Bu Guru?”
“Contone, lampu sing otomatis, murub lan mati merga kenang srengenge. Mobil bisa mlaku merga ana listrik sekang srengenge. Banyu bisa panas, merga ana tenaga listrik sekang srengenge. Ana liyane maning sie. Lah, pokoke teknologi sing nganggo srengenge!”
“Nggih, Bu Guru!” swarane bocah-bocah, najan esih bingung.
.
Hehe, jebul sayembarane Bu Angry ora payu. Wis seminggu onana bocah sijia sing numpuk artikel utawa gambar Solar Cell.

Madan isin jane.
Tapi ya dejajal maning. Dadi saben kelas de umumna maning, kon numpuk artikel utawa gambar solar cell.

***

Siki Bu Angry neng kelase Muskhil. Mulang rong jam. Jam ke telu karo jam ke papat, ana lete, yakuwe de leti jam istirahat pertama.

Neng jam ke telu, Bu Guru, ngendika:
“Bocah-bocah, deneng ora nana sing numpuk gambar solar Cell?”
Bocah sekelas meneng kabeh.
Krungu arane bae wis aneh, apa maning wujud barange.
“Wis, siki sing nggawa gambar, sing hubungane karo solar cell, utawa teknologi sing hubungane karo srengenge, tek wei biji sanga!”
“Pinten, Bu Guru?” takone Muskhil.
“Sanga! Tek biji sanga, Muskhil!”
“Nggih, Bu Guru!” Semaure Muskhil bareng karo bocah-bocah. Senajan esih bingung.
Sing penting, nggih! Supaya gurune bombong.

“Sanga ya. Nyong kudu teyeng! Kudu!”
Suarane Muskhil neng batin.
“Teknologi sing ana hubungane karo srengenge?” nggembuleng neng pikirane Muskhil.
“Kudu teyeng. Teyeng!”

 

Sewise istirahat. Bu Angry mulang maning sejam. Bareng kurang rong menit, rampung gole mulang kelase Muskhil, Bu Guru ngendika,
“Aja kelalen ya, numpuk gambar bab solar cell!”
Bocah-bocah mung manthuk. Wis ora patia niat dewulang Bu Angry. Ganti wulangan, ganti guru.

Jebul kancane Muskhil, sing njagong jejer, menyat. Nggawa kertas. De aturaken maring Bu Guru.
Bu Angry slemengeren, “Kertas apa kiye?” suarane neng batin. Ora kesait mriksani nemen.
Bel moni.
Wulangan ganti. Gurune ganti.
.
Waspada karo polahe Muskhil, eling jaman Muskhil Desidang Kepala Sekolah, mula Bu Angry mung meneng thok.

Tekan ruang guru, gambar banjur dejembreng. Mung ana telung gambar. Telune degambar nganggo Potlot, gambar ala, asal-asalan.

Bu Angry bareng mriksani gambar kuwe, jian ora mudheng, “Gambar apa kiye?” mbatine.

Ana siji sing depriksani, jebul neng walike, neng pojok ngisor ana tulisane, Muskhil.

Dheg.
Bu Angry, madan ngedhap. Usil apa maning kiye?

***

“Pak, aku dekancani arep nakoni Muskhil. Mbok nyong kebanjur jengkel. Ujarku bocah koh madhehi temen ya!” ngendikane Bu Angry maring Pak Bhala, guru olahraga.
“Kenang apa?”
“Jajal wong kon nggawa gambar solar cell, malah gambar ora nggenah, gambar ala. Nyong jengkel mbok pantes!”.
“Ya wis, mengko tek kancani. Ana guru papat mengko!” janjine Pak Bhala.
“Neng ruang BK, nggih Bu!”
“Iya!”

 

Temenan neng ruang BK wis ana limang guru. Muskhil karo batire loro, detimbali.

.

Muskhil anu wis kulina detimbali guru, dadi ya, ora patia nggragap.
“Muskil”
“Nggih!”
“Kiye, qo bocah telu numpuk gambar tugas?”
“Nggih!”
“Kiye, gambarmu?”
“Nggih!”
“Gambar apa, koh garis-garis thok”
“Gambar solar cell, kados tugase Bu Guru!”
Bu Angry, menjep madhehi.

“Qo, ngerti solar cell, apa ora, sie?”
“Ngertos. Kados wulangane Bu Guru!”
“Apa jajal?”
“Napa-napa sing hubungane kalih srengenge. Tenaga matahari!”
Guru-guru, gumun, wangsulane Muskhil ana benere.

“Ya wis. Dadi kiye gambar apa?”
“Niku, pengering pakaian tenaga matahari, Bu?”
Hah. Guru-guru kaget.
“Apa? Gambar apa?”
“Memean Bu!”
Astaghfirullah! Guru-guru, nyebut neng batin.
Bu Angry, pasuryane madan abang.

“Terus kiye gambar apa?”
“Niku, pengawet makanan tenaga matahari!”
Hah! Guru-guru kaget maning.
“Gambar apa?”
“Tampah, Bu!”
Astaghfirullah! Guru-guru, nyebut neng batin.
Bu Angry, nahan emosi.

“Terus kiye, gambar ala banget, apa qo kabeh sing nggambar?”
“Nggih, Bu!” Muskhil ngaku, kabeh Muskhil sing nggambar.
“Oh, gambar apa kiye?”
“Niku, andhuk tenaga matahari!”
Hah. Guru-guru mlongo. Anduk?
“Gambar apa?”
“Watu, Bu!”
Astaghfirullah! Guru-guru, nyebut neng batin.

 

Bu Angry, mumet. Kepengin jengkel. Kepengin ngrewes Muskhil. Mbok nganti ngamuk, mulane gagen bae bocah telu kuwe, kon gegen metu.
“Wis nganah, mlebung kelas!”

 

Astaghfirullah! Guru-guru, nyebut neng batin.
Pak Bhala, ngelus dadane dhewek.
“Sabar, nggih, Bu Angry! Gambare Muskhil, pancen ala, asal-asalan. Tapi jebul ana hubungane karo wulangane Bu Angry, bab solar cell” ngendikane Pak Bhala.
“Napa nggih?” takone guru BK.
Pak Bhala, banjur nerangna, kaya kiye:

 

Memean, pengering pakaian tenaga matahari. Bener. Klambi padha garing sebab kenang panas srengenge.

 

Tampah, pengawet makanan tenaga matahari. Bener. Sega dadi loyang. Boled dadi gaplek. Klapa dadi kopra. Padha awet merga wis garing depepe, kenang panas srengenge.

 

“Watu, koh, andhuk tenaga matahari, sie kepriwe? Pak Bhala, priksa?” takone Bu Angry.
“Niki, Muskhil toli bocah ndesa. Aduse neng kali. Ora ngawa andhuk. Supaya awake garing, biasane thingkring neng nduwur watu. Angger kenang panas srengenge, ya, awake garing, kaya wong andhuk-andhukan!”
Astaghfirullah!
Guru-guru, nyebut bareng.
Jebule Muskhil pikiranne mlaku ya!

 

Bu Angry, nglegeg. Nganti kelalen, lamona sing demaksud solar cell kuwe, alat sing umume nggo ngubah cahya srengenge dadi arus listrik. Teknologi anyar.

 

“Bu, najan gambare ala asal-asalan, tapi bijine kudu sanga, kuwe Bu!” pesenne Pak Bhala maring Bu Angry. Bu Angry mlerok!
“Mbuhlah!”

 

====
.
Ngapunten
Namung guyon, ora mutu.
Maturnuwun
.
Toto Endargo.

.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *