Wangsulaning Wangsalan

Garwa nata — = putri
Nata agung ing Cempala — = Drupada
.
Garwa nata, nata agung ing Cempala
Sari ratri, kudu eling lan waspada
===

Ancur sotya — = dhasar
Sorene ing ari budha — = respati
.
Ancur sotya, sorene ing ari budha
Dhasar endah, respati ing warnanira
===

Jarwa mudha — = anom
Mudhane sang Prabu Kresna — = Narayana
.
Jarwa mudha, mudhane Sang Prabu Kresna
Mumpung anom, ngudi saranane praja
===

Jarwa tirta — = banyu
Tirta wijil ing akasa — = udan
.
Jarwa tirta, tirta wijil ing akasa
Nyenyuwuna, mrih kasembadaning sedya
===

Mendhung seta — = mega
Sutane nata Pandhawa — = Pancawala
.
Mendhung seta, sutane nata Pandhawa
Muga-muga, datan swala ing sakarsa
===

Kawi sekar — = puspita
Sekar pepunden Sri Kresna — = Wijayakusuma
.
Kawi sekar, sekar pepunden Sri Kresna
Lir puspita, warnane kusumeng pura
===

Sindu raga — = kringet
Raga kang tanpa daya — = sukma
.
Sindu raga, ragane kang tanpa daya
Dipun enget, ywa supe bekti mring sukma
===

Jarweng janma — = wong

Janma kang koncatan jiwa — = mati

Jarweng janma, janma kang koncatan jiwa
Wong pawira, mati alabuh negara
===

Jarwa wreksa — = kayu
Wreksa lajering kang wisma — = saka
.
Jarwa wreksa, wreksa lajering kang wisma
Rahayua, dadi pusakaning praja
===

Bibis tasik — = undur-undur
Taksaka kang mawa pada — = baya
.
Bibis tasik, taksaka kang mawa pada
Aywa mundur, kapengkoking panca baya
===

Peksi pita — = pudhang
Sudarma Hyang Giri Nata — = Sanghyang Tunggal
.
Peksi pita, sudarma Hyang Giri Nata
Sun cecadhang, manungaling bangsa kita
===

 

Kawi lima — = panca
Putra priya dhahyang Durna — = Aswatama
.
Kawi lima, putra dhahyang Durna
Pancasila, dhasaring negeri utama
===

Nata dewa — = Bathara Guru
Prajurit nata pangarsa — = tamtama

.
Nata dewa, prajurit nata pangarsa
Nggegurua marang jalma kang utama
===

Jarwa nendra — = turu
Narendra yaksa Ngalengka — = Rahwana

.
Jarwa nendra, narendra yaksa Ngalengka
Rukun tresna, dadi srana njunjung praja
===

Parabe sang mara bangun — = Priyambada

Sepat domba kali Oya — = grameh
.
Parabe Sang Mara Bangun
Sepat domba kali Oya
Aja dolan lan wong priya
Gerameh nora prasaja
===

 Purbalingga, 21 Desember 2020
.
.

 

 

 

 

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *