Barat sirat — = lisus
Pasewakan jro nayaka — = Bangsal Sri Manganti
Barat sirat, pasewakan jro nayaka
Wus kapusus ing driya manganti sira
Ujung jari — = kuku
Balung rondhon ing kalapa — = sada
.
Ujung jari, balung rondhon ing kalapa
Kawengkua, sayekti dadya usada
===
Teja tirta — = kuwung
Atmajane nata Rahwana — = Raden Indrajid
.
Teja tirta, atmaja nata Rahwana
Kekuwunge karya rujiding wardaya
===
Wanara gung — = uwa-uwa
Maesa kang asingat madya — = sapi
.
Wanara gung, maesa kang asingat madya
Den kawawa, yen lagya anampi coba
===
Sekar pisang — = tuntut
Pisang sesajining karya — = pisang pulut
.
Sekar pisang, pisang sesajining karya
Patut lamun linulutan mring sesama
===