Wasana mugia sami kersa paring panyaruwe supados seratan kula punika saged trep, sae, leres lan saged migunani kangge bebrayan.
Wohing aren — = kolang-kaLING
Rukmi jingga — = sWASA
.
Wohing aren, rukmi jingga saupama
Dipun e-LING ya mung Gusti Kang Ku-WASA
===
Jenang sela — = APU
Sekul binuntel ron klapa — = kuPAT
.
Jenang sela, sekul binuntel ron klapa
Apuranta, lepat ing sasama nira
===
Sena yoga — = antareJA
Wanita garwa bethara — = bethARI
.
Sena yoga, wanita garwa bethara
Sing prasaja dimen lestari widada
===
Jarwa nendra — = turu
Pusakane dyan arjuna — = Keris Pulanggeni
.
Jarwa nendra, pusakane dyan Arjuna
Nenirua, piwulang mamrih utama
===
Ri Anggara — = selasa
Gamelan tinabuh asta — = kendhang
.
Ri anggara, gamelan tinabuh asta
Nelangsa yen pinuju anyandhang coba
===