Wangsulaning Wangsalan

Wangsalan punika salah satunggaling werni budhaya sastra Jawi. Sastra Jawi sampun katelah adi luhungipun. Wangsalan karipta mawi paugeran ingkang mirunggan.
Pangripta wangsalan kedah priksa thek-kliwering tembung kanti pana. Kejawi satiti ing kawruh basa ugi kedah priksa ing kawruh sabarang.
Wangsalan kaanggit arupi ukara-ukara cangkriman ingkang kedah pikantuk wangsulan. Mila ukara ngajeng mawi pocapan ingkang ngandut ukara siningit.
Pocapan siningit punika lajeng kawedar lan kangge lajering tembung wangsulan. Wigatining isi wangsalan arupi jarwan, utawi wangsulan, ingkang wonten ing ukara candhakipun.
Wangsalan umumipun ngandhut pitutur lan panjurung utamaning ngagesang ing bebrayan.
Mangga!
Ing ngandhap punika kula aturaken rupi wangsalan ingkang kula pendhet saking buku Tuntunan Sindhenan Ladrang, dening Nyi Supadmi, Penerbit dan Percetakan Cendrawasih, Surakarta, Tahun 1992, regi buku kala semanten namung Rp. 3.500,-
Amargi Nyi Supadmi punika jejeripun sindhen, mila wangsalan punika mesthi sampun sumambrah kapiyarsa dening bebrayan agung, mliginipun ing gendhing Jawi saha para pandhemen budhaya Jawi.
Nyuwun ngapunten, kangge nambahi kawruh, saderengipun nyerat wangsalan, kula serat kala rumiyin lajering ukara, tegesing ukara, inggih punika ukara utawi pocapan ingkang siningit lan dados paugeran pratelaning wangsalan.
Pangajeng-ajeng kula, mugi sedaya pamaos kersa paring pangaksama bilih atur kula punika wonten ingkang geseh ing pamanggih, geseh anggen kula njarwani, geseh anggen kula negesi, saha bilih wonten mboten trepipun kaliyan kasunyatan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *