Sangkalan lan tjandrasangkala iku barang sidji, nanging werdine warna loro, uga kena diarani nunggal rupa sedje rasa utawa nunggal dapur sedje tangguhe.
(……. Almenak Waspada 1957)
Sadurunge saka: Sangkalan lan Tjandrasangkala #5
Dadi sing disebut angel iku tegese sing betjik, sing isi pralambang, tjandran, pasemon lan saloka. Nanging sabenere ja ora angel, marga wewatone nggubah sengkalan djembar banget.
Tembung2 kang kena digawe nggubah sengkalan ora ana watese, tegese ora diwatesi utawa ora dikudokake mung nganggo tembung2 kang wis ditulis ana ing daftar tjandrasangkala, nanging kena nganggo tembung2 lijane watone ora njimpang saka patokan 8 (wolung) bab. kang lumrahe disebut guru 8, jaiku:
1. Guru dasanama: tegese tembung2 kang dadi rangkepane, kang nunggal makna lan nunggal teges, kajata bumi, lemah, pratala Isp. banju, tirta, warih lsp. gunung, giri, wukir lsp.
2. Guru warga: tegese nunggal golongan, kajata: baja, tjetjak, kadal, ula Isp. lemah, pa- das, wungkal (lemah kawak) lsp. banju, kringet. bun lsp. buta, gandarwa, wil lsp.
3. Guru djarwa: tegese sipate utawa sesipatane, kajata: kembang, wangi, arum, ambu, ganda Isp. geni, panas, murub, sorot Isp. lawang, bolong, menga lsp.
4. Guru djarwa: tegese werdine, kajata: retu, geger, rengka, rusuh lsp. obah, ojag, gon- djang-gandjing Isp. pituduh, piweling, piwulang. wedjangan lsp.
5. Guru sarana: tegese piranti, kajata ilat, rasa, legi, asin Isp. djaran, nunggang, nitih. ngendaleni Isp. winajang, linakokake, linantarake lsp.
6. Guru sastra: tegese pada tulisane, kajata esti bisa diwerdeni gadjah lan bisa ditegesi pangesti, wisik bisa diwerdeni saresmi lan bisa ditegesi piweling, warna kena diwerdeni rupa lan kena ditegesi banju ujah Isp.
7. Guru wanda: tegese pada wandane, kajata: dadi bisa ditegesi waudadi (banju udan). kagiri bisa diwerdeni giri (gunung), pusara bisa ditegesi sara (panah), putri bisa diwerdeni tri (telu) lsp.
8. Guru karja: tegese pakarti, watak, kajata: buta karo galak, mripat karo paningal, pandita karo pitutur, djaran karo tunggangan Isp.
Tembung2 kang klebu ana ing daftar tjandrasangkala mung didjupuk sing pokok2, kanggo antjer2 pedoman lan lelimbangan. Dadi upama gubahan sawidjining sengkalan, menawa pikantuke, matuke lan luwese nganggo tembung2 lija kang ora klebu ana ing daftar tjandrasangkala, waton wis runtut karo salah sidjining patokan 8 kasebut nduwur, iku malah prajoga, lan klebu sawidjining budidaja kanggo dinamikake kagungan tjandrasangkala.
Dene daftare tembung2 tjandrasangkala kaja ing ngisor iki, lan tembung2 sing ditengeri tjandra utawa djarwa, sakarone kena dienggo nggubah sengkalan lan tjandrasangkala.
Nyambung marang