Sangkalan lan Tjandrasangkala #5

Sangkalan lan tjandrasangkala iku barang sidji, nanging werdine warna loro, uga kena diarani nunggal rupa sedje rasa utawa nunggal dapur sedje tangguhe.
(……. Almenak Waspada 1957)

Sadurunge saka: Sangkalan lan Tjandrasangkala #4

 

Anane Suryasengkala

Ana ing djaman Mentaram achir pudjangga Surakarta R. Ng. Ranggawarsita (1802 – 1873 Masehi) ijasa lajang Paramajoga sarta Pustaka Radja Purwa, kang dinapur kaja tjatetan sedjarah utawa sarasilah, lan saben lelakon nganggo diterangake taune surja lan taune tjandra (taun srengenge sarta taun rembulan).

Wiwit iku tuwuh aliran paham surjasangkala lan tjandrasangkala, lan suwe-suwe bandjur marnakake madab, utawa dadi kejakinan menawa sengkalan petungan taun wiwit kuna-makuna ana warna loro jaiku surjasangkala sarta tjandrasangkala.

Surjasangkala tegese, sengkalan angka taun surja, kang achire kusus mung ditumrapake kanggo njengkalani taun Masehi, lan tjandrasangkala, tegese sengkalan taun rembulan kang kusus mung kanggo njengkalani angka taun Djawa, sabab taun Djawa wiwit taun Saka 1555 saka keparenge Sultan Agung Mentaram dirombak didadekake taun rembulan miturut petungan taun Arab. Dadi wiwit taun 1555 Kraton Mentaram wis ora ngagem petungan taun mangsa.

Lan wiwit iku werdine tembung tjandrasangkala dadi owah utawa mingset saka werdine sakawit. Maune tjandrasangkala ditegesi rumpakan, sengkalan, kang isi tjandran, pralambang utawa pasemon, bandjur owah dadi teges sengkalan taun rembulan.

Dene tembung surjasangkala iku istilah anjar, ijasane sang pudjangga Ranggawarsita, sabab tembung surjasangkala maune ora ana, tegese ora tinemu ana ing lajang-lajang kuna, ana ing lajang-lajang sadurunge lajang Paramájoga sarta Pustaka Radja Purwa muntjul.

 

Nggubah Sangkala Gampang – Angel

Ana ing ngarep wis diterangake nggubah sengkalan iku gampang angel. Gampange marga wis ana daftare tembung-tembung sing duwe watak petungan, kang disebut daftar tjandrasangkala.

Angele menawa sengkalan iku ginubah supaja marnakake tjandraning taun, pralambang utawa pasemon, kang laras utawa tjotjog lan ngenani marang barang lan kedadejan sing disengkalani, tegese ginubah supaja marnakake tjandrasangkala.

Tjandrasangkala uga bisa rupa sasanti, pandonga, pangadjab, pangesti, gegajuhan, pepenginan, pudjian, pitutur, pepali, pepeling, andjuran, saloka sembojan lsp., kang laras lan tjotjok karo tuntutane masjarakat lan obahing rakjat, sarta arah lakuning kemadjuan.

Nyabung marang: Sangkalan lan Tjandrasangkala #6

Toto Endargo

.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *