Sangkalan lan Tjandrasangkala #4

Sangkalan lan tjandrasangkala iku barang sidji, nanging werdine warna loro, uga kena diarani nunggal rupa sedje rasa utawa nunggal dapur sedje tangguhe.
(……. Almenak Waspada 1957)

Sadurunge: Sangkalan lan Tjandrasangkala #3

 

Tjandrasangkala

Ana ing ngarep wis diterangake tembung tjandrasangkala, kedadean saka manunggale tembung tjandra karo sangkala.
Tjandra ana ing kene ora teges rembulan. Dek semana sasi rembulan durung ana, senadjan wetune sarta angslupe rembulan tansah dititeni lan dipengeti.

Nek rembulan sewengi muput ora katon, disebut tjoblong utawa begowong. Nek rembulan wiwit katon disebut kanta. Nek katon kabeh disebut purnama, lan nek wis wiwit surut diarani panglong.

Dadi kala iku kang disengkalani utawa kang dipetung nganggo tjandrasangkala ja mung angka taun Saka, angka taun gawane wong Hindu kang didadekake angka taun mangsa, taune wong Djawa asli sing maune durung duwe angka taun.

Tembung tjandra ana ing kene tegese rumpakan, gubahan kang mengku pengerti pralambang, pasemon, dilarasake karo kaanane sarta kedadejan2 sing ditjandrasangkalani. Dadi tjetane tjandrasangkala iku, tegese sangkala utawa sangkalan kang tjinandra, kang isi pralambang sarta pasemon.

Wong tuwa2 kuna wis lumrah demen migatekake sawarnaning kedadejan kang tinemu sadjroning samangsa (sesasi), setaun utawa sawindu, kang suwe2 bandjur marnakake tjandraning mangsa, tjandraning taun lan tjandraning windu, kaja sing pada ditulis ana ing primbon2. kang tegese ora beda karo werdine tembung tjandrasangkala kang marnakake tjandraning taun.

Dadi tjandrasangkala iku nek tjarane saiki kira2 pada plek karo tjatetan detik sedjarah.
Bedane tjandrasangkala mudjudake tjatetan detik sedjarah dinapur tjandran, sanepa, pralambang sarta pasemon.

R. Sumodidjaja ing Ngajogyakarta, mastani menawa tjandrasangkala marnakake index utawa klapper sakabehing lelakon kang tinemu ana ing lajang Maha Barata.
Senadjan pengripta sabenere ja durung mudeng, nanging prinsipe pangripta, bisa njetudjoni marang pamanggihe R. Sumodidjaja kasebut.

 

Bedane sangkala karo tjandrasangkala.

Ana ing ngarep wis diterangake tjandrasangkala, tegese ja sangkalan. Nanging ora saben sengkalan mudjudake tjandrasangkala. Tjetane ora saben sengkalan marnakake pralambang, pasemon utawa tjandraning taun.

Dadi sing kena tjandrasangkala iku mung sangkalan kang isi pralambang utawa pasemoning mangsa sing disengkalani. Nek ora mudjudake pralambang lan pasemon, djenenge ja mung sengkalan lumrah.

Tjonto sengkalan lamba: djeladri bahni mahastra tjandra, tinemu ana ing, lajang sutri, tegese taun Saka 1534, ora kena diarani tjandrasangkala, sabab ora mudjudake tjandran utawa pralambang.

Sengkalan lamba: Atmadja Hyang Giri Nata. tinemu ana ing lajang iber2 ijasan Mangkunagaran IV, tegese taun Djawa 1711, dudu tjandrasangkala, sabab ora isi tjandran utawa pasemon.

Sengkalan lamba: sirna ilang kertaning bumi tinemu ana ing lajang Babad Demak, minangka penget rusake negara Madjapait tahun Saka 1400, iki marnakake tjandrasangkala, sababe isi pasemon tjandrane negara Madjapait deksemana, kang tansah retu ora ana tentreme.

Sengkalan lamba: kusuma loro winajang djanma, tinemu ana ing lajang Babad Mentaram minangka penget djumenenge Sunan Pakubuwana I ana ing Semarang, tegese taun Djawa 1629. Sengkalan iku marnakake tjandrasangkala, sabab isi pasemon dumadine perang antarane Sunan Pakubuwana I mungsuh Sunan Mangkurat II ing Kartasura marga digawe dening Kumpeni Landa.

Tjonto sengkalan memet: gambar naga nganggo lar (suwiwi) ditunggangi uwong, tinemu ana ing panggung sanggabuwana Kraton Surakarta, nek diwatja muni: naga muluk tinitihan djanma, werdine taun Djawa 1708. Ora mudjudake tjandrasangkala, sabab ora isi tjandran lan pasemon.

Tjonto sengkalan memet: gambar naga loro petite pepuletan, tinemu ana ing kelir lawang regol magangan Kraton Ngajogyakarta, nek diwatja muni: loro naga rasa tunggal, werdine taun Djawa 1682. Sengkalan iki marnakake tjandrasangkala, sabab mengku pasemon manawa kala iku ratu loro Surakarta lan Ngajogyakarta wis nunggal rasa utawa wis rukun Nagane loro pisan ditrapi makutaning ratu.

Nyabung marang: Sangkalan lan Tjandrasangkala #5

.

Toto Endargo

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *