Sangkalan lan tjandrasangkala iku barang sidji, nanging werdine warna loro, uga kena diarani nunggal rupa sedje rasa utawa nunggal dapur sedje tangguhe.
(……. Almenak Waspada 1957)
Sadurunge: Sangkalan lan Tjandrasangkala #1
Kabeh bakal sirna dipangan uler
Wong Djawa duwe saloka: Kabeh bakal sirna dipangan uler. Uler ana ing kene tegese uler taun. Dadi saloka iku werdine: Kabeh barang dumadi kang gumelar ana ing djagad iki bakal sirna dipangan taun.
Taun werdine djaman, mangsa utawa sangkala. Taun, sasi, dina, menit, sekon lan windu, iku kabeh marnakake peranganing sangkala.
Ana ing pedalangan utawa ing pawajangan ana dewa buta, djuluke Batara Kala kang kuwasa nglebur djagad. Ditjritakake kang dadi pangane Batara Kala iku pokoke uwong, lan wong sing keprije kang dadi pangane Batara Kala wis dipratelakake ana ing daftar. Nanging nek matja daftare rasane neng ati kok ja rada degdegan, lawong prasasat kabeh uwong dadi pangane Batara Kala.
Wong sing klebu daftar dadi pangane Batara Kala, djarene nek ora mati uripe ja sangsara. Dek bijen nek ana wong sing djenenge katut klebu daftar dadi pangane Batara Kala, supaja slamet ora sida dipangan, sarate kudu diruwat. Tjarane ngruwat nganggo nanggap wajang lakon Dalang Sanggabuwana, lan lumrahe disebut wajangan ruwatan.
Batara Kala iku uga dadi sebutane Batara Siwa. Retjane Batara Siwa kang lagi njalira utawa dadi Batara Kala, makuta sarta palowanune di trapi pepetan gambar tjumplung. Pepetan gambar tjumplung kang ditrapake ana ing retjane Batara Siwa iku minangka lambanging kekuwatan kang tanpa tanding, utawa panguwasa kang kuwawa nglebur djagad.
Sawarnaning gegremet kang mawa wisa, lan sarupaning ama tanduran dening wong Djawa diarani kala utawa disebut bangsaning kala, lan dianggep turunne utawa anak putune Batara Kala.
Iku kabeh marnakake pasemon filsafate sangkala ana ing bebrajane wong Djawa dek djaman kuna. Ewadene tekan saiki wong kang ngandel marang anane Batara Kala ja isih akeh.
Saiki kita tliti sedjarahe lan werdine seng kalan sarta tjandrasangkala.
Sengkalan lan tjandrasangkala iku wis dadi tembung kusus, tegese tjatetan angka taun kang rinumpaka. Pokoke mung ana warna loro: sengkalan lamba karo sengkalan memet.
Sengkalan lamba wudjud tjatetan angka taun sing digubah nganggo tetembungan, sengkalan memet kang ginubah rupa pepetan gambar.
Pitakonan: sing dienggo nggubah kuwi tetembungan lan gambar apa utawa sing keprije?
Wangsulane pitakon iku gampang angel. Nek wangsulane didjudjug ja gampang. Kang digawe sengkalan tetembungan aran lan gambar, kajata: aran lan gambare manungsa, kewan, tetuwuhan sarta pakerti, kang duwe watak petungan, watak 1, 2, 3 sateruse tekan 0, kaja kang ditjatet ana ing daftar tjandrasangkala.
Nanging mestine bandjur tuwuh pitakonan maneh: Lhakok tetembungan lan gambar2 duwe watak petungan, maune larah2e keprije? Apa asale saka niru kabudajan Hindu kang neneka ana ing tanah Djawa?
Pitakonan iku tekan dina iki isih tetep mudjudake pitakonan, sabab para pudjangga kuna para achli kasusastran Djawa lan para achli barang2 purbakala, durung ana sing maringi keterangan pratitis. Malah ana gagapan menawa sengkalan iku asale saka niru kabudajan Hindu.
Nanging panemune pangripta ora ngono.
Sengkalan iku dudu barang impor saka luar negeri, nanging duweke wong Djawa asli, wiwit kuna- makuna. Wiwit sadurunge wong Hindu neneka ana ing tanah Djawa, ing kene wis ana sengkalan. Dadi deksemana wong Djawa wis bisa gawe sengkalan.
Mung wae wudjude ja isih prasadja banget, lan ora wudjud sengkalan lamba kang ginubah nganggo tetembungan, amarga kala iku wong Djawa durung duwe tulisan aksara, tegese durung bisa matja lan nulis aksara.
Sengkalan deksemana, sing asli gawejane wong Djawa, sadurunge wong Hindu neneka wis terang dudu sengkalan lamba, nanging rupa sengkalan memet kang digawe nganggo pepetan gambar. Mesti wae wudjude gambar durung betjik, kira2 ja ming waton gatra.
Nyambung marang: Sangkalan lan Tjandrasangkala #3
.
Toto Endargo