Lelakone Kyai Tolih ing Tlatah Wirasaba
Kyai Tolih iku kang dadi jalaran anane keris Gajah Endra. Keris Gajah Endra, keris kagungane Adipati Wargantomo II, utawa kang asma Joko Kaiman, uga katelah kanti asma Adipati Mrapat. Dene Joko Kaiman iku asma nalika isih timur, wektu ngenger ing daleme Ki Mranggi ing Kejawar, saiki klebu tlatah Banyumas.
Ki Mranggi Kejawar kagungan sedulur kapernah adi ipe, asmane Raden Banyak Kumoro, kang jumeneng panguwasa ing Kaleng, saiki klebu tlatah Kebumen. Dene bab Kyai Tolih lan Keris Gajah Endra kacrita landhung, ing buku kuno kang saiki diparingi tetenger “Turunan Babad Wirasaba”, kira-kira katulis ing tahun 1828. Mula sejatine Kyai Tolih iku paraga kang wigati ana ing Babad Wirasaba. Critane mangkene:
Kyai Tolih Dutaning Sang Rajeng Keling
Sinigeg gantya winarsi, wonten ingkang ginupita, negari tanah sabrange, Sang Rajeng Keling (tlatah Jepara) punika, apanenggih cinarita, kalangkung runtik tyasipun, mring Sang Prabu Majalengka (Majapahit).
Anulya utusan aglis, ana dene kang dinuta, lelurah kajinemane, Kyai Tolih namanira, apan kinen anyidraha, dhateng nateng Majalangu (Majapahit), binektan dhuwung (keris) wasiyat. Ageme sang Raja Keling, kalawan titihanira, peksi agenge, kang aranan Peksi Endran, kinen anitihan, mring Ki Tolih kang den utus, wus mesat marang gegana. Anglayang neng wiyati, Nusa Jawa kang minaras, milang miling lampahe, sigeg genti kang ngumbara, genti ingkang cinarita, Sang Prabu ing Majalangu, Narapati Brawijaya.
Tuhu sidik ing tyasneki, wruh yen badhe wonten dhustha, sang Rajeng Keling dutane, kinen nyidra mring sang nata, sigra Prabu Brawijaya, animbali patihipun, anama Patih Mangkurat. Ingandikan Sang Aprabu Brawijaya,
“Heh wruhanira patih, marmane sun undang, mene sira tan wekas, sanalika ing mengko bengi, bakal na dhustha, kinen nyidra ing mami. Apan iku utusane ratu sabrang, iya sang Rajeng Keling, kinongkonan dhustha, anyidra marang ingwang, saiki lagya lumaris, aneng gegana, iku den ngati-ati. Undangena sakehing para punggawa, sagung wong Majapahit, kon padha prayitna, yen bakal ana dhustha, tekane ing mengko bengi, padha jagaa, sagung wong sanegari”.
Kyana patih atur sembah nulya medal, sapraptanira ing jawi, samya tinimbalan, punggawa ing Majalengka, mantri tenapi bupati, aglar neng wana, pepek samya anangkil. Angandika Rekyana Mantri Mangkurat,
“Eh sakehe kanca mami, sagunging punggawa, lah padha papirsakena, timbalane Sri Bupati, padha ngidhepa, sagung wong Majapahit. Yen sang Nata bakale katekan dhustha, utusane Raja Keling, narendra ing sabrang, kinen nyidra sang nata, tekane ing mengko bengi, marang negara, timbalane sang aji. Den prayitna sagung kang para punggawa, anjaga miring Narpati, lan padha samekta, kaprabon ing ngayuda”.
Wonten abdine Nerpati, wong kajineman, Ki Gajah wastaneki. Nuli marek ing ngarsane Sang Narpatya, Ki Gajah matur aris,
“Inggih jasad kula, ingkang sagah rumeksa, wilujenge Sri Narapati, nangledi dhustha, ing sadalu kang mangkin. Naming atur kawula dhateng paduka, inggih yen amarengi, ing karsa menika, tuwin Gusti Sang Nata, yen nganggep aturing abdi, panuwun kula, sinedya Maospait, sumuripun dipuna tutup sadaya, ing sadalu puniki, aming sumur kula, satunggal sing ditengga, sampun wonten malih malih. Pan sapunika, aturipun kang abdi”. Kyana Patih mirsa ature Ki Gajah, nulya ngandika aris,
“Iya mengko Gajah, ingsun matur sang nata, sakehe aturineki”
Patih Mangkurat, sigra malebeng puri. Prapteng pura umatur marang Sang Nata, atur sadaya penting, ature Ki Gajah. Sang narpati angandika:
“Eh patihingsun mareka, nular den enggal, tundhane sawengi iki. Denutupa sumure wong sanegara!”
Patih tur sembah mijil, nulya tur sang nata, sagung wong Majalengka, werata sakeh gung alit, sedaya ture, sandika aturineki. Yata sampun tinutup sumur sadaya, sagung wong Majapahit, mung sumur satunggal, kang ora katutupan, Ki Gajah ingkang darbeni, pan dipun jarag, kinarya nyambeng maling.
Dumadine Keris Gajah Endra
Prapteng surup Ki Gajah anulya dandan, siyaga obar pati, cangcut taliwanda, dhuwungipun den liga, andhepepes ning warih, anginjen dhustha, kalingan tanpa eksi. Kawarnaa wau kang alampah dhustha, utusaning Rajeng Keling, nenggih peksi Endra, angambah jumantara, wus nungkuli Majapahit, layang-layangan, prapta ing madya ratri.
Peksi Endra angelak datan kasatan, arya angumbe warih, angupaya toya, malang-miling tingalnya, mulat mengandhap ningali, toya sumilak, tinon toya awening. Nulya nglayang Sang Peksi Endra mangandhap, arsa angumbe warih, wus prapteng bantala, wau Keyai Gajah, sampun waspada ningali, micareng driya:
“Ubaya gedhen iki. Ingkang bakal anyidra marang sang nata, mengko sira bilahi”, sira Kyai Gajah, sampun mundhi curiga, tinata amingis-mingis, sira Ki Gajah, sampun prayitneng westhi.
Sareng Peksi Endra manglung jangganira, arsa angumbe warih, Ki Gajah trengginas, ginoco telihira, tatas ludiranya mijil, kang Peksi Endra, nulya aniba tangi. Kelubukan sanget dennya nglumba-lumba, wau kang anitihi, kanteb ing bantala, kanteb satengah pejah, purwa wasana tan kesthi, sang peksi endra, niba lajeng ngemasi.
Ki Gajah amulat yen peksi wus pejah, sigra den parepeki, lir lungsuring arga, bathange Peksi Endra, dangu-dangu aningali, sira Ki Gajah, janma jalu ing siti. Apan sarwi anyepeng dhuwung leligan, nora obah nulisik, asanget kentaka, ya ta wau Ki Gajah, anggrahita ingkang galih, “Lah, iki janma, iya ingkang nitihi. Kang minangka utusan sang rajeng sabrang”.
Sigra dipun prepeki, wau kang kantaka, dhuwungipun cinandhak, Ki Gajah ambil teteli, nulya binanda, kang kantaka tan osik. Sasampune binanda nulya ginugah, kalyan sira Ki Tolih, wus enget ing purwa, nulya tangi gumregah, Ki Gajah alon nakoni: “Apa ta sira, dutane sang Rajeng Keling. lya ingkang kinen nyidra gustiningwang, sira kang nunggang peksi?”
Kang tinakon mojar, “Inggih apan kawula”. Ki Gajah amuwus aris, “Sira sun gawa, seba marang Kya Patih”. Tan antara nulya kadusta binekta, mring ngarsane Ki Patih, sigra pinariksa, lajeng Sang Nata, sapraptanira jro puri, katur sadaya, purwa tumekeng akhir. Tuwin dhuwungipun kaatur sang nata, angandika Sri Bupati (Sang Nata),
“Padha ngestokenna, iki keris sing dhusta, ing mengko ingsun arani, si Gajah Endra, anut purwane prapti. Anadene sidhusta ingsun apura, pan nora ingsun pateni, nuli enggal uculana, iku sun gadhuhena, iya marang sira patih!”
Wusnya mengkono, Nata kondur mring puri. Wus luwaran sagung kang para punggawa, tuwin Rekyana Patih, kondur dalemira, pun sang dusta binekta, langkung denya kawlas asih, neng kepatihan, sanget denya prihatin. Yen ing siyang Ki Tolih tan arsa dhahar, yen dalu tan aguling, sanget mati raos, rinten dalu sewaka, caos ngarsane Ki Patih, durma katilar, putra trus gumanti.
Kyai Tolih Nyekel Kuda Kurda
Kapirsa sang Sri Narendra, kacarita lami-lami, ucul kagungane kapal (kuda), saking gedhogan wus mijil, gamel pra samya kontit, nyembadani kudanipun, tan ana kang kuwawa, turangga mberot mring jawi, ingadhangan ing wadya bala ngakathah. Asengit denira kurda, kadya keranjingan iblis, anjogit anglumba lumba, anyepak nunjang tur angrik, geris ingkang anyaketi, kuda prapteng alun-alun, saparan-paranira, tan ana wani nyegati, para mantri bupati, ing Majalengka.
Tan ana wani nyekela, tandanging kuda ngajrihi, mider lama ing negara, tintrim wong sa Majapahit, Kangjeng sri Narpati, kelangkung sungkawanipun, dening tandanging kuda, tan ana janma kang wani, para mantri bupati giris sedaya. Mengkono Sri Naranata, nimbali rekayana patih, Kyana Patih Mangkurat, prapta ngarsane narpati, Ngandika Sri Bupati,
“Patih undangen gupuh, mengkono jangji manira, sanggupe wong Majapahit, sapa ingkang bisa nyekel kudaning wang. Pasthi sun ganjar nagara, sarta sun trimani putri, apan ora pilih janma, sanajan sikep pakathik, tuwin mantri bupati, tan beda ganjaraningsun!”
Kya patih atur sembah, lengser saking ngarsa aji, sapraptane pagelaran undang undhang,
“Heh sagung kawulanira, kang agung tenapi cilik, ing Majapahit sadaya, timbalane Sri Bupati, sapa kang saguh wani, kagungan sang prabu, kuda ucul kurda, tan nora amilih jalmi, tinariman putri ginanjar nagara”.
Sakehe mantri bupatya, tan ana ingkang nyanggupi, samya matur pejah gesang, tuwin sagung kang wadyalit, samya atur pati urip, tan ana kang saguh purun, saweneh kang punggawa, ana kang ngaturken linggih, wonten atur kendhaga lan payung bawat.
Kalangkung puteging driya, kiyahi rekyana patih, dene kang para punggawa, miwah sagung wadya alit, samya tur pati urip, tan ana kang saguh purun, warsa andikanira, Ki Patih marang Ki Tolih, dipun tantun mring Ki Rekyana paring sraya.
“Heh Tolih sira sanggupa, nyekel kuda kudu wani, iku kudaning sang nata, apan ginanjar nagari, kang nora pilih janma, katrimanan putri ayu, mugi ndika sanggupa, nyuwun sihing pangaksami, mangga kyai gung sanget ganjaranipun”.
Ature Ki Tolih: “Upamine sumanggupa, ing karsa dalem Kya Patih, pan sanget ajrih kawula, yen tan sanggup kados pundi? Nglampahi ayahan gusti, sakelangkung awonipun, abdi dalem kawula, mopoa karsaning Gusti, boten ngraos ambancahi mring paduka. Yen timbalan sang Narendra, tan wonten ingkang nyanggupi, prekawis punika kuda, kawula inggih menawi, saged anyamar gusti, yen angsal pengestu ulun, sarta jimat sang nata, atur kawula kya patih, mugi-mugi katura ing sri narendra. Kang sanggup nyaket turangga, ganjarane Sri Bupati, dadi mas nora keliya, yen bisa ngentasi kardi”.
Ature Kyai Patih: “Lah iya mengko Tolih, sun mlebu mring kedhatun, sun matur mring Sang Nata, yen sira ingkang nyanggupi”, sigra mentar Ki Patih malebeng pura. Wus prapta ngarsa Narendra, umatur saha wot sari,
“Kawula atur uninga, yen abdi dalem pun Tolih, kawula tantun Gusti, anyepeng kuda pukulun, titihan ingkang kurda, wonten sagahipun gusti, lamun angsal jiyad paduka narendra”.
Ngandika Sri Naranata: “Sukur bage yen si Tolih, kang anyekel kudaning wang, nuli atagen tumuli”.
Ki Patih tur sembah mijil, praptane pisowan agung, Ki Tolih tinimbalan, prapta ngarsane Ki Patih: “Wus ingiden sira Tolih mring sang Nata”.
Ature Ki Tolih: “Nanging ta atur kawula, yen pareng nuwun kendali, kaliyan pantun sabelah, sinuwunaken sang aji”
Nulya dipun paringi, kendhali ki macan guguh, lawan pari sabelah, wus tinampan mring ki Tolih, nulya mangkat Ki Tolih sampun siyaga. Anyangking pantun sabelah, rinangkep lawan kendhali, ing alun alun wis prapta, semana wong Majapahit, samya miyarsa warti, yen Ki Tolih ingkang sanggup, metoni sayembara, anyekel kuda Narpati, tarataban sakehing wong Majalengka.
Nenonton wong nyekel kuda, tuwa enom gedhe cilik, andher neng ing geladhag, saweneh menek waringin, kuda lagya marengi, anata ing alun-alun, calek waringin kembar, mulat yen ana sujalmi, nyangking pari anulya sinander enggal. Anyepak anglumba-lumba, cangkem andhelak angerik, giris kang sami tumingal, sami ngalok-aken mati, marang sira Ki Tolih, saweneh pangucapipun, mangsa endaha pira, iya sapa ingkang wani, ingkang punggawa tamtama tanna nyarga.
Wau ta gandering kuda, wus parek lawan Ki Tolih, Ki Tolih sampun prayitna, dennya amasang kendhali, winorken lawan pari, kasaban datan kadulu, paningaling turangga, mung pari ingkang kaeksi, apan mendeng anyaplok pantun sabelah. Ki Tolih nulya trengginas, angangsrahaken kendhali, wus malebeng cangkem kuda, apus sinentog manginggil, tetali den kencengi, ginandeng kuda wus manut, tutuk kuda tur randhat, eram kang sami ningali, pra punggawa sami gegetun sadaya. Lajeng tununtun kang kuda, tut wuri dhateng Ki Tolih, tutut tan ana budinya, prapta ngarsane Ki Patih, langkung lega ing galih, miyat kuda wus katuntun, Kya Patih angandika: “Begja temen sira Tolih, entanana samengko sun atur uninga. Marang kangjeng Sri Narendra”
Ki Patih gya malbeng puri, tumameng ngarsane nata, umatur saawotsari: “Abdi dalem pun Tolih, bukti angentasi kewruh, kagungan dalem kuda, sapunika sampun kenging”.
Sri Narendra alon denira ngandika: “Ingsun tan nedya malela, ingubayaningsun dhingin, sapa bisa nyekel kuda, mesthi sun ganjar negari, lan sun trimani putri, nuli gawanen malebu, si Tolih mring jro pura, temu lawan nini putri, paesana bakal ingsun rengga-rengga!”
Patih manembah amedal, sapraptane Sri menganti, Ki Tolih nulya ngandikan, prapta ngarsane Kya Patih, linggih anikel wentis, apan sarwi awot santun, Ki Patih angandika, “Mengko karsa ne Narpati, sira Tolih ngendikan malebeng pura. Pan arsa ingupa rengga, pinanggihken lan sang putri, sira kinen pepaesa, lan bakal sinung nagari”.
Ki Tolih Milih Keris Ligan
Ki Tolih matur aris, “Nanging angger kula nuwun, ing karsa sang narendra, ngembun-embunan kapundhi, sinung akanthi kawula sru lenggana. Paturan kula pukulun, yen pareng karsa nerpati, anuwun dhuwung kewala, satunggal nanging amilih, panuwun kula puniki, ing kangjeng Sri Narapati. Lawan lami kalihipun, amba yen dipun lilani, ing kangjeng Sri Nara dipa, kawula anuwun pamit arsa, molana ingkang kewala, tan remen wonten negari.”
Kya Patih nauri wuwus, “Lah mengko ingsun mring wuri, atur uninga Sri Nata, yen mengkono nedyaneki”, Kya Patih malebeng pura, umatur mring sang Sri Bupati. Wus katur sedayanipun, saature Kyahi Tolih
Sri Naranata ngandika, “Ya patih ingsun lilani, kagunganipun kendaga, ing apang ngaisi keris. Lelima agawanen metu, marang ngarasane si Tolih, iya konen amiliha, ing sasenenge pribadi”,
Ki Patih anulya enggal ambekta kendhaga amijil. Sapraptane jawi gupuh, Ki Tolih den ngandikani, “Eh Tolih sıra miliha, iki kangan Nerpati, kendhaga keris isinya pilihen sadhemeneki”.
Sajroning kendhaga iku, lima padha isi keris, seksana nuli binuka, kendhaga lelima sami, Isi keris pelag pelag, mung satunggil kang den ambil. Kang tanpa wrangkanipun, areged kalangking abrit, pan sampun winedalena, saking kendhaga mring jawi.
Ki Tolih matur wot sekar, marang Ki Rekyana Patih: “Punika kang kula suwun, kagungane Sri Bupati, ingkang tan mawi sarungan, areged kalangkung abrit”.
Kyana Patih angandika, “Lah iya ingsun ngistreni. Anadene kang aprabu, iku ora amangeni, apa sadhemenira, sang nata iya nuruti”
Ki Tolih nulya tur sembah, mring ki Patih, nyuwun pamit: “Lah tuwan paduka kantun, kawula anuwun pamit, arsa kesah maolana”, Kya Patih ngandika aris, “Iya muga selameta, salaku sira neng margi”. Ki Tolih alon tur ipun, “Inggih ta asami-sami”.
Ki Tolih anulya pangkat, saking negeri wus mijil, ngilen lepas lampahira, saking kitha Maospait. Manjat gunung jurang marung, kasirung polatan jalmi, anusup ayam alas, jajah desa milangkori, anut sakrenteging manah, rahina wengi lumaris.
Kyai Tolih Pinanggih Ki Dipati Kaleng
Sinedya datan winuwus, lampahe ing dalem prapti, semono panci carita, ing Kaleng ya adipati, rerosan ingkang taruna, kang anama Kyai Meranggi. Ing Kejawar wismanipun. Wau lampahe Ki Tolih, prapteng padalemanira, Ki Dipati Kaleng nenggih, lumebet ing pelataran, Ki Dipati nuju sepi.
Ing dalem panuju suwung, marengi wonten ing gagi, lagya tugur matun gaga, kang neng dalem wukir api, Ki Tolih alon ketaga, tembunge kang arum sari.
Datan amba kamipurun, awuwus “Apunten Nyai, kawula matur tetanya, raka jengandika kyai, punapa wonten ing wisma, kawula ajeng kepanggih”.
Nyai Kaleng gya asusul, mring raka dhumateng gagi, wus panggih agya amojar, “Ing wisma wonten tetami, inggih ataken sampeyan, kula ken ngantos neng tangkil.
Kyai Kaleng alon wuwus, “Iku dhayoh wong ing ngendi, kalawan sapa namanya?”
Kang rayi umatur aris, “Kula tanpatos tetanya, lajeng kawula mareki. Kula ken ngantosi wau, alinggih wonten pendhapi”,
Kyai Kaleng lon wuwusnya, “Mayu yayi padha mulih, ingsun temonane enggal, iya ingkang mara tami”.
Anulya Ki Kaleng kondur, sakaliyan ingkang rayi, sapraptanira ing wisma, panggih kang mara tami, Kyai Kaleng gya anyapa: “Kawula tambeng kiyai. Ing wingking pundi kamungkur, sinten sinambating wangi, ingkang karsa pun disedya?”
Kang tinanya anyauri, “Kula pun tiyang ideran, tan gadhah griya kiyahi. Makaten salaminipun, dene kang sudi mestani, Ki Tolih wasta kawula, boten adarbe nagari, tanpi yayah rena kadang, sampeyan kalamun sudi. Kula nedya ngawu-awu, angabdi sampeyan ngriki, suka lila jasad kula, kinarya patunggu gagi, juru dhangir pekawisan”,
Trustheng sinung angling. Kyai Kaling alon wuwus sabda ne arum amanis, “Sanget panarima kula, lamon kersane kyahi, remen wonten wisma kula, persasat jimat peripih”.
Sesampune den sinuguh, Kyai Kaling nulya angling, parentah mring wadyanira, kinen kinarya anenggih, panggenanira pendhapa, pasasreyane Ki Tolih. Sinung langse kendhung-kendhung, pepajangan tinon asri, kang dadya kang kang pasareyan, seksana kiyai Tolih ingaturan pesareyan dhateng Kyai Adipati. Anurut kang sinung wuwusa manggen wonten pendhapi, kacatur ing Kaling ika saparaptane Kyai Tolih, kathah dhaulatira, rijekine mbanyu mili.
Warata kulawarganipun, wong Kaling Sugih-sugih, tulus kang panggagas-gagas, murah sandhang murah bukti, dadya wong Kaling sedaya, Ki Tolih pinundhi pundhi. Akathah kang atur atur, dhumateng Kiyahi Tolih, dhaharan miwah busana, tuwin Kyai Adipati, langkung ageng urmatira, jalu estri wedi asih.
Bebedira Jaka Kaiman Sinuwek
Sinigegan kang winuwus enengena Kyai Tolih, kocapa ing Wirasaba, Kyai Dipati Surawin, cinaritawus peputra jalu wernane apekik. Dyan Tambangan namanipuri, pan sampun apala krami, ingkang dadya garwanira, putrane Kyai Dipati, Banyak Keling Pasir Bahar, Dewi Lungger namanireki.
Kawarnaa ing salami lami, Den Tambangan denira krama, ingkang rama wus sumeren, raden gumanti lungguh, sarta terang idi nerpati, Kangjeng Sultan ing Demak, wus sinung jejuluk Dipati Sura Utama, wus sumuyud sa-wengkoning sudarmi, tanah ing Wirasaba.
Datan wonten kang amba gung pikir, marang Dipati Sura Utama, kulawarga suyud kabeh lami-lami winuwus, dipati Sura Utami, gadhah putra sekawan, sami medal jalu, pembajeng dyan Jaka Warga, kang penggulu anami Ki Jaka Gumingsir, jumeneng Pasir Batang. Anglampahi saprapating Pasir, kang manengah Kyai Toyareka, Kyai Panjer Pamekas seda surude ramanipun, putra sepuh kang gumanti, wau dyan Jaka Warga, sarta ajejuluk Dipati Warga Utama, wus mangidhep kabeh, wewengkonireki, suyud wong Wirasaba.
Tuwin wau ingkang ingkang rayi-rayi, datan wonten ingkang asulaya, barang ing karsane, dhahat ing taklimipun, ar dhateng raka dipati, sisami lawan rama, saweg jenengipun atut runtut akekadar, cinarita ing wau sang Adipati, asugih panakawan.
Amundhuti anakipun patinggi, atenapi kang para sentana, pinundhut anak kadange, ingkang adarbe subu, sedhereke ingkang den ambil, kang adarbe sudara, kaponakanipun, kang pinundhut panakawan, mila kathah ngantos kawandasa iji, ander yen sami seba. Langkung lega tyasira dipati, aningali panakawan kathah, dene akathah karyane, sabarang kang sinambut, panakawan nyampuni kardi.
Duk semono nalika, ing dalu anuju, tanggalira apurnama, panakawan ing latar genira guling, kocapa Kı Dipatya, medal saking dalem arsa seni, serawuhira ing pelataran, Ki Dipati sanget kaget, ningali cahya mancur pan gumilang gilang nelahi, sapelataran padhang, dening senepipun sasampunnya ateturas, Ki Dipati kang cahya den parepeki, marang ing pelataran.
Panakawan atarap aguling, datan ana kang tangi satunggil, eca aturu kabeh, ingkang katingal mancur amung panakawan siji, lare saking Kejawar, nenggih anakipun Ki Meranggi ing Kejawar, masih pyambak ing wau genira guling, tan amor lare kathah. Kyai Dipati sigra aputra Kejawar ingkang asma Jaka Kaiman, amerepegi panakawan kang kanggenan cahya, nulya disewek bebede, sasampune nyewek wau, Ki Dipati kondur aglis, dhumateng pasareyan, nulya sare sampun, tanpa werna dalunira, sareng enjang panakawan ingkang guling, munggeng pelataran.
Ri nedhenge pra samya tangi, nenggih kang panakawan kathah, irap iket lan bebede, kang panakawan wau, atmajane Kyai Mranggi, asuwek bebedira, alon dennya muwus, sapa nyuwek bebedingwang, kancanira sadaya sami anuri kabeh tan ana ngrasa. Sakalangkung gegetunireki, sanget maido mring kancanira, gumeder dadya padune, Ki Dipati muwus, sampun wungu denira guling, nimbali panakawan, wus prapta ing ngayun, andher pra samya aseba, Ki Dipati pangandikanra aris, “Eh, bocah panakawan. Sapa ingkang nyuwek bebedneki!” Ki Meranggi wau sutanis duk mireng kumepyar tyase, kalangkung abritipun, sam dipati ngandika malih, “lah aja gahatah, gya matura gup sapa kang suwek bebednya?” nulya matur atmajane Meranggi, ngaturken pejah gesang.
Kyai Tolih Amaris Keris
Marang sudarmaneki, nulya sinungaken gupuh, mring Ki Tolih tinampan, sarungan dipuntingali, Kyai Tolih alon denira ngandika; “Dene ta sae punika, punapa kang denwaosi, kalangkung remen kawula, Kyai gene menganggeni, katrima trusing batin, Keyai pasihanipun, malih kawula tanya, punapa punika Kyai, putra dika kang kemantu Ki Dipatya. Kang ngaturaken dhuwung ika?” Kyai Mranggi anyauri: “Gih punika anak kula, kang kamantu Ki Dipati!”
Angling Kiyai Tolih: “Nanging punika pun kulup, wonten lungguhe benjing, ing saturun-turuneki, amengkoni Bumi Tanah Wirasaba. Keringan sasamanira, saturun-turune benjing, panjang dados pangauban, ing sanake ingkang alit, sesemone katawis, yen ageng jerajatipun, heh Kyai yektosna, sapira gon kula benjing!”
Kyai Mranggi ature: “Mugi lulusa, satimbalanipun tuwan, mugi kapanggihna benjing, dening hyang maha mulya!”
Ki Tolih wecana malih: “Kawula nuwun pamit, arsa nutugaken laku, anut embaking manah, ngupados pogoding brangti!”
Kyai Mranggi aturira angrerepa: “Bok sampun tuwas punika, karsa sampeyan keyai, wontena ngriki kewala, dadosa jimat paripih!”
Kiyai Tolih sauri: “Inggih kalangkung kasuwun, pasiyan jengandika, nanging kawula puniki, nuwun meksa arsa nutugaken lampah. Nanging ta dhuwung punika, kawula tilar ing ngriki, kawula wasiyatena, dadosa jimat ing ngriki, ingkang kula warisi, putra sampeyan pun kulup, nanging weweling kula, lamon tumuruning benjing, turun pituan kenging kabekta aprang. Poma dipun estokna, saturun-turune benjing, sarunganipun kewala, kawula suwun puniki, inggih yen marengi, badhe kula bekta wangsul, kula wasiyatena, ing raka andika Kyai, Ki Dipati ing Kaleng dadosa jimat. Punika dhuwung sumangga, kawula anuwun pamit!”
Kang dhuwung wus tinampanan, dhumateng Kyai Mranggi, angling Kyai Tolih: “Lah Kyai andika kantun, badhe lajeng kewala, kula saking Kaleng benjing. Inggih lamon marisi sarungan. Dhumateng raka paduka, tam wangsul mariki malih!”
Nulya pasang sasalaman, Ki Tolih lan Ki Mranggi, penganten angunjungi, sarta lawan gerwanipun, Ki Tolih nulya mangkat, lampahira pan lestari, Kyai Tolih wus mijil saking kejawar. Nengna wau kang winuwus malih penganten sakloron, sampun mantuk saking Kejaware, dhateng Wirasaba wus alami denya akaronsih, ganti kang winuwus.
Kyai Tolih Amaris Wrangka
Pan sineru lampahe Ki Tolih, ngenut tan kacarios, sampun prapta ing Kaleng lampahe, wis kepanggih lan Ki Kaleng aglis, sasalaman sami, wus tata alungguh, tuwin sira Nyai Dipati.
Atur salam gupoh Kyai Tolih alon wecanane: “Heh, ta Kyai kula nuwun pamit, kantuna basuki, kula nganyut tuwuh. Nutugaken sasedyaning galih kula arsa ngulon!”
Ki Dipati ing Kaleng wuwuse: “Lah bok sampun kesah saking ngriki, tulusa Kiyai, dadosa tetunggul. Tulusa dados jimat paripih!”
Ki Tolih lingnya lon, lan Kaling amurda pasihane: “Nanging kedah kawula lumaris, kang sarungan keris, lah punika katur. Sinimpena ing sapungkur mami, presasat wak ingong, taksih wonten ing ngriki wiyose, inggih dados jimat paripih, dhumatenga benjing, ing saturunipun”
Sigra Ki Dipati Kaleng aglis, nampi wrangka gupoh, apan sarwi ngrerepa ature: “Sakalangkung kasuwun ingkang sih, Kyai masiyati, sarunganing dhuwung.”
Ri sampunya mekaten Ki Tolih, jabat tangan alon, Kyai Kaleng dahat pangungune, gya lunampah ing Kaleng kawingking, anjog ing pasisir, ing samudra kidul. Lampahira nurut kesisik, andarung mangulon, anerak jurang parang mejenge. Pan guwagos nang wong den lebeti, lampahnya Ki Tolih, ing wayah wus langkung. Sapraptane Donan Ki Tolih, nyabrang ngidul ngulon, anjog Nusakambangan lampahe, pan amondhok desaneki, antara tri sasi, lamine neng ngriku. Anulya pindhah panggenan neki nyabrang malih ngalor pan akraya tilas panggenan prapta ing Cikakak mondhok malih, lajeng den kukuhi neng sirahing gunung.
Ujaring kandha, bacuting crita Kyai Tolih cumondok ing Desa Cikakak ingkang sateruse, mula dadi lajering crita run tumurun ing tlatah Banyumas.
Sumangga!