Layang Kalatidha, Dudu Layang Ramalan Jangka

Layang Kalatidha, Dudu Layang Ramalan Jangka

 

Layang kang diarani “Kalatidha” iku sabenere dudu layang ramalan jangka, sabab ana ing layang iku ora ana sing nyritakake bakal tekaning jaman.

Dadi layang Kalatidha iku mung isi panggresula, panjeda sarta panalangsane sang pujangga marang jamane kang dialami sang pujangga kang jaman iku disebut Kalatidha.

Kala tegese jaman, tidha tegese samar, ora tetep utawa peteng, kang uga sok disebut kalabendu, tegese jaman kang lagi kena ing bendu, benduning Pangeran kala duka, tegese lagi kena ing deduka lan sapanunggalane.

Dene kang diwastani jaman ”Kalatidha” dening sang pujangga kira-kira ana ing jaman sakbadane perang Dipanegara sarta wiwit Gupermen Landa nindakake rerigen kang disebut Cultuurstelsel, tegese kabeh sedulur tani diwajibake nanandur hasilbumi kang dibutuhake dening Gupermen Landa.

Ewa dene wis terang menawa layang Kalatidha iku kersane sang pujangga mung ditujokake marang kahanane masyarakat utawa bebrayan ing praja Kejawan, yaiku praja Kejawan Surakarta sarta Ngayogyakarta.

Layang Kalatidha iku tembange Sinom mung 12 pada.

Isine wiwitan rupa kritik lan panjeda ditujokake marang para manggalaning praja Kejawan. Sawise ngritik banjur kraos kasok penggalihe. Sawise kasok banjur nalangsa lan pasrah ing takdir. Panutupe maca pandonga.

Dene unine layang Kalatidha mangkene:

 

Kalatidha:

S I N O M

 

1.

mangkya dalajating praja,

kawuryan wus sunyaruri,

rurah pangrehing ukara,

karana tanpa palupi,

atilar silastuti,

sujana sarjana kelu,

kalulun kala tidha,

tidhem tandhaning dumadi,

ardayeng tyas dening karoban rubeda.

 

2.

ratune ratu utama,

patihe patih linuwih,

pra nayaka tyas raharja,

panekare becik-becik,

paranedene tan dadi,

paliyasing kala bendu,

malah sangkin andadra,

rubeda kang ngriribedi,

beda-beda ardane wong sanegara.

 

3.

katatangi tangisira,

sira sang parameng kawi,

kawilet ing tyas duhkita,

kataman ing reh wirangi,

dening upaya sandi,

sumaruna anarawung,

mangimur manuara,

met pamrih melik pakolih,

temah suka ing karsa tanpa weweka.

 

4.

kasok karoban pawarta,

babaratan ujar manis,

pinudya dadya pangarsa,

wekasan malah kawuri,

yen pinikir sayekti,

mundhak apa aneng ngayun,

andhedher kaluputan,

siniraman banyu lali,

lamun tuwuh, dadi kekembanging beka.

5.

ujaring panitisastra,

awewarah asung peling,

ing jaman keneng musibat,

wong ambeg jatmika kontit,

mengkono yen niteni,

pedah apa amituhu,

pawarta lalawora,

mundhuk angreranta ati,

angurbaya ngiketa cariteng kuna.

 

6.

keni kinarya darsana,

panglimbang ala lan becik,

sayekti akeh kewala,

lelakon kang dadi tamsil,

masalahing ngaurip,

wahaninira tinemu,

temahan anarima,

mupus pepesthening takdir,

puluh-puluh anglakoni kaelokan.

 

7.

amenangi jaman edan,

ewuh aya ing pambudi,

melu edan ora tahan,

ora melu anglakoni,

boya kaduman melik,

kaliren wekasanipun,

ndilalah karsa Allah,

begja-begjane kang lali,

luwih begja kang eling lawan waspada.

 

8.

semono iku bebasan,

padu-padune kepengin,

enggih makoten mandoblang,

bener ingkang angarani,

nanging sajroning batin,

sejatine nyamut-nyamut,

wis tuwa arep apa,

muhung mahas ing ngasepi,

murih antuk pangaksamaning Hyang Suksma.

 

9.

beda lan kang wus santosa,

kinarilan ing Hyang Widhi,

satiba malanganeya,

tan susah ngupaya kasil,

saking mangunah prapti,

Allahu paring pitulung,

marga samaning titah,

rupa sabarang pakolih,

parandene maksih taberi ikhtiyar.

 

10.

sakadare linakonan,

mung tumindak mara ati,

angger tan dadi prakara,

karana wirayat muni,

ikhtiyar iku yekti,

pamilihing reh rahayu,

sinambi mbudidaya,

kanthi awas lawan eling,

kanti kaesthi antuka parmaning Suksma.

 

11.

ya Allah ya Rabulollah,

kang sipat murah lan asih,

mugi-mugi aparinga,

pitulung kang amartani

ing alam awal akhir,

dumunung ing gesang ulun,

mangkya sampun awredha,

ing wekasan kadi pundi,

mula mugi wontena pitulung tuwan.

 

12.

sageda sabar santosa,

mati sajroning ngaurip,

kalis ing reh aru-ara,

murka angkara sumingkir,

tarlen meleng malah sih,

sanityaseng tyas mamasuh,

badharing sapudhendha,

antuk mayar sawetawis,

borong angga sawarga mesi martaya.

 

===

Jarwane Kalatidha:

 

Pada 1: Saiki wis katon ngalamate menawa praja Kejawan bakal ilang, sabab pranatane wis kisruh, lan nyimpang saka nalurine sing uwis-uwis. Dalasan para sarjana sarta sujana katut keli kagawa ombyaking jaman Kalatidha, jagad praja Kejawan katon mandeg ora ana kemajuane, kasembuh wong sanegara tekade pada beda-beda.

 

Pada 2: Senajan kang jumeneng ratu priyagung utama, dasar patihe linuwih, nayakane tyas raharja, sarta panekare becik-becik, parandene meksa ora bisa dadi panulaking kalabendu. Malah tekane rubeda kaya disokake.

 

Pada 3: Para pujangga rasaning atine nganti kaya nangisa, marga tansah kataman ing lelakon kang nyedihake, tan mangerti menawa sakehing rubeda iku asale saka sandi upayane mungsuh kang katindakake kanti pangimur lan sabda pangarih-arih, wekasan akeh kang suka ing karsa lan temahane dadi kurang weweka.

 

Pada 4: Malah akeh kang atine dadi kasok. Krasa kesel merga tansah dibyuki pawarta ujar manis, kandane arep dijunjung-junjung, diluhurake, arep didadekake pangareping bangsa, nanging tibane mung didadekake anteke. Dadi nek dipikir sing tenan, apa kepenake didadekake pengarep, kang ndeder kaluputan, siniraman banyu lali, lamun tuwuh, dadi kekembanganing reribed.

 

Pada 5: Layang paniti sastra rak wis aweh wewarah lan aweh peling, menawa ana ing jaman keneng musibat, utawa keneng wewelak iki, wong sing ambeg jatmika tegese sing sepi ing pamrih malah ora ana ajine, banjur apa gunane nggugu marang tutur ngayawara, rak luwih prayoga ngiket carita kuna

 

Pada 6: Kena dienggo sudarsana, kena dienggo panglimbang ala lan becik, sabab akeh carita kuna sing kena digawe tetuladan tumrap masalahing ngaurip, lan wahanane bakal tinemu, temahan ati dadi narima, mupus pepestening takdir. Puluh-puluh lagi kudu nglakoni kaelokan.

 

Pada 7: Ora prelu dijarwakake.

 

Pada 8: Nanging iku mung babasan, swarane wong sing kepengin, sing ngarani mangkono iku mula bener. Nanging sajektine ing mbatin wis nyamut-nyamut, wong wis tuwa arep apa, luwih prayoga mahas ing ngasepi supaya entuk pangapura

 

Pada 9: Beda karo sing wis santosa, sing wis kinarilan Hyang Widi, satiba-tibane, ora susah ngupaya kasil, Pangeran wis paring pitulung, parandene isih taberi ikhtiyar.

 

Pada 10: Sakadare linakonan mung kanggo patut-patute, angger ora dadi prekara, sabab ikhtiyar iku klebu pamilihing reh rahaju, nanging ya kudu kanti awas lawan eling, kang kaesti mung nyuwun pitulunging Pangeran.

 

Pada 11: Rupa donga ora prelu dijawakake.

 

Pada 12: Idem.

Wekasane ana tembung-tembung kang muni: borong angga sawarga mesi martaja, ukara iki ngemot sandi asmane sang pujangga muni: Ranggawarsita.

 

Mestine para maos saiki wis priksa menawa Layang Kalatidha iku kang rupa ramalan jangka ming setitik banget, jaiku mung ana ing Pada 1,

kang muni: Mangkya dalajating praja, kawuryan wus sonyaruri,

kang werdine: Saiki wis katon ngalamate menawa praja Kejawan bakal sirna.

 

Dene liya-liyane isi panggresula sarta panalangsa, rekasane wong urip ana ing jaman tidha, samar, utawa peteng sabab kala iku yaiku jaman sabakdane perang Dipanegaran, masyarakat ing praja Kejawan lagi kelangan pola tujuaning uripe.

Kala iku panguwasane ratu Jawa lagi dipreteli, pikirane won-wong dadi bingung. Dek semana jamane isih jaman marga kelangan pola tujuaning uripe.

Arep suwita ana ing kraton, ratune wis ora kasinungan panguwasa, arep makarya ora entuk aji,  arep suwita gupermen Landa rasane kok kaya wong malik tingal, kaya wong ora tetep pengidepe. mangka rasaning batine isih tetep tresna lan setya tuhu marang krajan ratu Jawa, nanging nyatane panguwasane para ratu Jawa kok saya entek saya entek.

Dadi wose kang disebut jaman Kalatidha utawa kalabendu sarta jaman keneng musibat utawa keneng wewelak, iku jaman wiwit pangesuke panguwasa pemerintah jajahan Landa marang para ratu ing praja Kejawan papat pisan jaiku Praja Kejawan Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunegaran sarta Pakualaman.

Dadi gerbane kabeh wetune ramalan jangka iyasane sang pujangga Raden Ngabei Ranggawarsita iku kadayan saka akibate pangesuke panguwasa jajahan Landa marang para ratu Jawa. Dadi babar pisan ora ana sambunge karo dumadine repolusi kabangsan Indonesia.

Aja dikira menawa pangripta duwe sedya arep ngasorake, arep nyenyamah utawa ora ngajení marang kawicaksanan sarta misuwuring asmane sang pujangga.

Mung wae olehe pangripta ngluhurake asmane sang pujangga iku ora nganggo wewaton kabeh jasane kang rupa ramalan jangka, nanging awewaton pinunjuling kasusastrane, sabab sabenere yasane sang pujangga marang kasusastran Jawa iku gede banget nganti ora kena dikerta aji.

 

Panemune pangripta mangkene:

Basa Jawa kang dening para pujangga diarani: Basa Jawa Anyar, kang ditulis ana ing laying-layang sarta kang pada dienggo paguneman wrata satanah Jawa kang migunakake Basa Jawa, iku kena di arani Basa Jawa tangguh Ranggawarsitan, utawa Basa Jawa iyasan utawa dibangun, didandani dening Sang Pujangga Ranggawasita. Sarta para leluhure yaiku para pujangga kasusastran Jawa dek jaman Surakarta awal.

Para maos mesti saged menggalih upama dek jaman Surakarta awal ora ana pujangga kasusastran Jawa, kayata: Jasadipura I, Jasadipura II, Ki Ngabei Sindusastra, Mangkunegaran IV, lan Raden Ngabei Ranggawarsita, kadang tekan dina iki basa Jawa wis sirna marga layu.

Apa yasane sang pujangga ora gede banget, luwih-luwih Sang Pujangga Raden Ngabehi Ranggawarsita. Jaiku kang dadi wewatone pangripta ngluhurake marang asmane sang pujangga.

Almanak Waspada Tahun 1960

===

Maturnuwun

Salam

Toto Endargo

.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *