Dongeng dumadi, nalikane Sunan Kalidjaga luru kaju djati.
Babad Demak
Kasebut ana ing lajang Babad Demak tembang jasane pudjangga dek djaman Mentaram achir, kala para wali kersa jasa mesdjid gede ana ing Demak (bijen djenenge Bintara), putusaning penggalihan, para wali diwadjibake nguruni sakagurune sidji.
Sunan Kalidjaga tumuli tindak mlana nlasak alas-alas pedjaten, kersa nitik-nitik ing ngendi kaju djati sing gedhe kang kena dianggo saka gurune mesdjid.
Tindake Sunan Kali didherekake sekabate kang aran Empu Supa, sawidjining pandhe wesi kang pinunjul kapinterane
Tejat – tejot
Satengahe Sunan Kalidjaga milang-miling mriksani alas pedjaten, dumadakan mireng suwarane kodhok, tejat-tejot ana ing rerungkudan, kang saja suwe saja ngganter.
Penggalihe Sunan Kalidjaga dadi ketarik, lan tumuli tindak marani papane kodhok muni.
Djebul olehe ngganter-ngganter muni tejat-tejot iku, djalaran kodhoke arep dipangan dening ula
Kodhoke ditjakot sikile, malah wis arep diuntal, sikile mburi loro sing separo wis mlebu ing jangkeme ula.
Sing isih bisa obah ming keri sikile ngarep, kethowal-kethawil karo tjangkeme mangap-mangap muni tejat-tejot.
Uwal
Sunan Kalidjaga priksa polahe kodhok kang sadjake wis ora bisa luwar saka bebaja pati, penggalihe kraos welas, lan bandjur ngendika, ,,hu-hu”.
Ulane krungu sabdane Sunan Kalidjaga ,,hu-hu” dadi kaget, olehe njakot sanalika kendo.
Kodhoke krasa nek njakote ula kendho enggal ngetog budi, nggrondjal sarosane nganti bisa uwal saka tjangkeme ula, lan bandjur mentjolot mlaju ndelik.
Ulane ora wani ngojak, sabab Sunan Kalidjaga isih djumeneng ana ing kono karo mriksani.
Kanggo Ula
Bareng kagete wis mari ulane matur: “Kresanipun Kandjeng Sunan menika kados pundi? Kula saweg mangsa kodhok kok Kandjeng Sunan ladjeng ngendika ,,hu-hu”. Margi saking kaget, panjakot kula dados kendho, wekasan mangsan kula utjul. Sabda paduka ,,hu-hu” menika werdinipun kados pundi, kula kok boten mangertos”.
Ngendikane Sunan Kalidjaga:
“La ja kuwi kapitunane wong sungkan sinau marang werdining sastra lungit. Bokmenawa kok kira tembung ,,hu-hu” iku basa Arab, dadi kowe rumangsa nek ora ngerti. Ora, sabdaku ,,hu-hu” iku basa Djawa lugu. Nek kowe arep ngerti, tembung .,hu-hu” iku tegese ,,hulunen hulunen”. Lakok mangsanmu malah kok utjulake. Iku rak kainanmu dhewe”.
Sawise ngrungokake ngendikane Sunan Kalidjaga, ulane tumuli nggleser lunga tanpa pamit.
Kanggo Kodhok
Bareng ulane wis ora katon, kodhoke metu saka pandelikan, njedhaki Sunan Kalidjaga, mendhak-mendhak karo matur:
“O, Kangdjeng Sunan pepunden kawula. Kula mundjuk sewu sembah nuwun, lan ngundjukaken sembah sungkem wonten ing sahandaping pepada, dene kula ingkang waunipun sampun mboten njipta gesang, sareng mireng sabda panduka ,,hu-hu”, temahan saged luar saking bebaja tjangkeming sawer ingkang sanget anggegirisi. Nanging sajektosipun dhumateng werdining sabda ,,hu-hu” ingkang sakalangkung sakti wau kula dereng mangeritos, mila menawi kapareng kula njuwun kadjarwanana.”
Ngendikane Sunan Kalidjaga karo mesem:
“Pantjen ja ngono kodhok. Sabab aku bareng priksa kowe dikemah-kemah dening ula, penggalihku ora wentala. Mula aku bandjur ngendika, ,,hu-hu”, wekasan kowe dadi luwar saka ing pati. Nek kowe arep ngerti, tembung ,,hu-hu” iku tegese hutjulna-hutjulna” Keparenging Pangeran si ula kok ja mangerti nek tak dhawuhi ngutjulake”.
Ature kodhok karo njembah-nyembah:
“O, Kandjeng Sunan, padhuka tetep kekasihing Pangeran ingkang murbeng gesang. Saking suka sokuring manah kula, minangka piwalesing sih kawelasan panduka, bendjang bebahan padhuka kadjeng djatos, menawi sampun dados glundungan, pangusungipun dumugi ing alun-alun Bintara, kula sagahi. Kula badhe ngerigaken kulawarga kula, sadaja kodhok ingkang sami dedunung wonten ing wana ngriki”
===
Werdine
Mangkono dongenge Sunan Kalidjaga karo kodhok lan ula ana ing lajang Babad Demak tembang.
Sedjatine dongeng iku ngandhut bab kang gegajutan karo lakuning pamrentahan, politik djaman para wali.
Mestine para maos nek lagi mrangguli sepisan iki, penggalihe bisa dadi tida2, awit Sunan Kalidjaga olehe merdeni tembung ,,hu-hu” kok warna loro, ngalor ngidul.
Kabeh2 dienaki atine, si ula dienaki atine, si kodhok ja dienaki atine. Dadine rak kaja dongeng gegujon kang ora ana isine.
Nanging sedjatine mula ngono, kang dikarebake Sunan Kalidjaga kersa ngenaki kabeh uwong utawa kabeh golongan.
***
Ngapunten
Lagi kepengin ndongeng
Nuwun
.
Toto Endargo
.
.
* Saka Almanak Waspada, tahun 1963.
.