Dhandhanggula – Dhedhep Tidhem

Dhandhanggula – Dhedhep Tidhem
Saking Ki Sugino Siswocarito
Dhedhep tidhem prabawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep srinateng ndalu
Siniwaka sanggya pra dhasih
Angglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggana kang sumiwi

Warata tanpa sela

Terjemahan bebas:
Sunyi senyap karena pengaruh malam
Rembulan sudah tampak berpendar
Tidak mengecewakan keelokannya
Bagaikan sang raja malam
Hadir di hadapannya seluruh para kawula
Tergelar di cakrawala
Terlihat menerawang jauh
Namun demikian masih terasa sesak
Sebab banyaknya bintang yang menghadap

Merata rapat tiada berjarak

Klik dumugi datheng : Dhandhanggula – Dhedhep Tidhem

2 Replies to “Dhandhanggula – Dhedhep Tidhem”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *