Bandhu Banyumasan (9). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Mulang Murid, Teka Telat Alasan Asal
Ayam Ucul
Jan wis nasibe Mushkil, mangkat sekolah dadi telat. Kuwe sebabe, esuk-esuk, ndilalah sikile nabrak kurungan ayam.
Ayame ya ucul. Ramane jengkel. Ayam kudu decekel, sebab ayame arep deedol. Dhuwite arep nggo tuku kebutuhan umah sing pokok.
Ayam lanang, jengger, giras, angel decekel. Lah, ayame malah mlayu maring kebonne tanggane. Dadi esuk-esuk, gelem ora gelem kudu usaha nggiring ayam kon mblebung ngumah. Klakon.
Ayam ora sadar yen delomboni, manut bae, degiring, bareng mlebu ngumah, kabeh lawang detegi. Ayam umpetan, konangan, dedhikep neng ngisor amben. Alhamdulillah.
Telat
Merga ngurusi ayam kuwe, dadi tekan sekolahan telat, pitung menitan. Padhahal esuk kuwe pelajaran olahraga. Mesthi dukani Pak Bhala. Guru sing senenge ndukani murid. Mesthi, kuwe!
Guru olahraga Pak Bhala, pancen paling ora seneng maring bocah telat. Senajan wis matur telat merga nguber ayam, Pak Bhala tetap ora percaya.
Malah Mushkil deanggep tukang ndablus. Muskhil kesuh, akhire alasan sekenane. Wis jujur tetep ora percaya, ya wis sekenane.
“Wis siki ko sing jujur bae, kenangapa ko kawanen, kenangapa ko telat?”
“Nggih Pak kula mlampah alon-alon!”
“Nah kuwe sing bener! Kesed!”
“Nggih, Pak!”
“Kenangapa ko mlaku alon-alon?”
“Teng margi, wonten tulisan: Ada perbaikan, jalan pelan-pelan!”
“Apa? Jalan pelan-pelan?”
“Nggih Pak. Dados kula mlampah alon-alon, dados telat niki!”
Astaghfirullah
Pak Bhala, pasursayane langsung abang. Bocah clemongane ngawur. Pak Bhala rengu, muntap, nanging detahan.
Saking rengune Pak Bhala nganti dadi supe yen lagi mulang bocah-bocah, ora mulang olahraga.
Siki malah ketungkul ndukani Muskhil. Muskhil dedukani neng lapangan volley, neng ngarepe bocah-bocah. Kuwe merga, Pak Bhala, rumangsa deledhek neng Muskhil.
Pak Bhala gole ngendika, ndukanine semangat banget, adu adep karo Muskhil, nganti lathine Pak Bhala kaya ana umpluke. Gawe mrinding lan wedine bocah-bocah sing nyekseni.
Pitung menit sing gawe tintrime lapangan volley, kabeh bocah ora wani obah. Pog pogane, Muskhil deukum kon ngresiki, seresik-resike, nyapu, ngepel, mberesi gudang alat olahraga.
“Nggih Pak!” wangsulane Muskhil, mantep.
Plencing.
Muskhil, mlayu, ora maring gudang alat olahraga, nanging malah maring toilet siswa. Muskhil raup sekuate. Wetenge munyel munyel, kaya arep mutah-mutaha.
Bocah-bocah krungu swarane Muskhil neng toilet, hoek hoek kaya arep mutah. Batine bocah lanang; “Muskhil masuk angin, apa yah?”. Batine bocah wadon, beda maning; “Muskhil, nyidam, apa yah?”
Busyet!
***
Peribahasa
Awane, pelajaran jam ke 4, 5, dewulang Bahasa Indonesia, sing mulang Bu Sishy. Bu guru sing jere ayu dhewek.
Dina kiye Bu Sishy mulang bab peribahasa. Penggalihe Bu Sishy, bocah-bocah mesthi wis tahu dewulang bab peribahasa, Bahasa Indonesia. Dadi, nerangna sedhela deanggep wis cukup. Bocah paham lan teyeng.
Muskhil maring kancane takon,
“Apa bedane peribahasa karo bahasa peri”
“Dewalik thok ya? Bahasa peri. Mbuhlah. Ora ngerti!”
“Nyong sie teyeng bahasa peri!” omongane Muskhil.
“Jajal contoni, kepriwe?”
Muskhil tangane kaya arep nyengkerem, lambene moni,
“Khi khi khi iiiii!” suarane Muskhil.
“Lah kuwe sie swara kuntilanak!”
“Iya. Kuntilanak kuwe golongan peri. Peri kiri!”
“Deneng peri kiri, apa ana?’
“Ya ana. Angger peri kanan, isine iwak, grameh, mujaer, melem, lele!”
“Mbuhlah!”
***
Numpuk Tugas
Bu Sishy bar nerangna sedhela, langsung aweh tugas maring bocah-bocah. Bocah-bocah deutus nulis telung peribahasa sing dengerteni, lengkap karo maksude. Gampang mbok! Sing wis rampung, tumpuk neng meja guru!
Temenan, bocah-bocah ya banjur numpuk tugas, nulis telung peribahasa karo artine sisan. Seteyenge! Sing penting, ndhudhah kawruh, ngulir pangerten.
Guru, kuwe aneh, tapi nyata. Bu Sishy toli ora seneng karo Muskhil, tapi angger ana tumpukan tugas, malah garapane Muskhil sing mesthi degoleti dhimin. Depriksani dhisit dhewek.
Bareng mriksani garapane Muskhil, palaparane Bu Sishy, njengkerut. Sing loro, bener, nanging sing siji aneh.
Garapane Muskhil, isine kaya kiye.
1. Berakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian = bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian.
2. Seperti katak dalam tempurung = orang yang pengetahuannya terbatas.
3. Sedia payung sebelum hujan = Domaih Pak Bhala.
Hah!
Bu Sishy bingung apa maksude wangsulan sing nomer telu. Aneh!
“Deneng ana Pak Bhala, mbarang?” Penggalihe Bu Sishy, “Kiye Pak Bhala, kudu priksa. Muskhil perlu dedangu, deundang, temokna karo Pak Bhala! Kawus koh, Muskhil!”
***
Ruang BK
Sidang winates, ngurusi Muskhil.
Guru BK, Bu Sishy, Pak Bhala, lan Muskhil.
Muskhil bingung, apa enggane arep dedukani maning, merga esuk mau telat! Esuk dedukani, awan dedukani. Kaniaya temen, guru-guru sie ya! Muskhil ngresula neng batin.
“Muskhil, apa bener kiye garapane ko?” Bu Sishy ndangu.
“Nggih. Leres!”
“Kiye nomer telu, wangsulane kaya kiye. Apa ora keliru?”
“Mboten Bu Guru!”
“Domaih Pak Bhala!” ngendikane Bu Guru, ngemu gumun.
“Nggih. Leres Bu Guru!”
“Lho!” Bu Sishy, tambah mbingungi, “Jajal deterangna, mumpung neng kene ana Pak Bhala!”
Muskhil, manthuk maring Pak Bhala. Pak Bhala ya manthuk.
“Niku maksude, Pak Bhala niku angger ndukani karo medal udanne!”
“Heh, maksudmu!” Bu Sishy ndangu
“Idune kados udan teng rai kula!” wangsulane Muskhil karo mandeng Pak Bhala. Pak Bhala, langsung menyat mereki Muskhil. Muskhil, pasrah angger dekeplak.
“Hop! Muskhil, wis nganah, ko mlebung kelas maning!” ngendikane Pak Bhala, tegas!
“Napa Pak?” Muskhil takon
“Mlebung kelas!” ngendikane Pak Bhala karo astane nudhing kelase Muskhil.
“Nggih!” wangsulane Muskhil, mantep.
Plencing, Muskhil mlayu. Metu sekang ruangan BK, karo nyuwara, “Hoek!” Gagean bae mlayu githir maring kelas.
Oh, Bu Sishy siki paham. Sedia payung sebelum hujan, maksude angger arep dedukani neng Pak Bhala, apike nggawa payung, supaya ora kenang udan lokal, udan idu sekang tutuke Pak Bhala. Hoek!
“Panjenengan esuk-esuk wis jengkel, wingi sie, ndhahar apa?” takone Bu Sishy maring Pak Bhala.
“Jengkol!”
“Oh, pantes Muskhil muni hoek!”
“Mbuhlah!”
====
Ngapunten
Namung guyon, ora mutu.
Maturnuwun
.
Toto Endargo.
.