Bandhu Banyumasan (7) nguri-uri basa penginyongan. Serial polaeh Muskhil! Episode: Ken Mendel
Guru Thukmis
Guru thukmis kuwe mesthi ana. Apa maning angger murid-muride mloes.
Muskhil najan bocah ndesa, tapi ya bisa ngerti, endi guru sing thukmis, endi guru sing biasa bae. Senajan padha-padha guru, perek karo murid, tapi ya ana bedane bae. Kena de tengeri.
Miturut Muskhil guru sing paling thukmis kuwe guru Bahasa Indonesia, asmane Pak Hant. Angger mulang neng kelase Muskhil, mesthi mereki bocah sing ayu dewek sekelas, mburu bocah sing jenenge Preti.
Nanging ya kuwe, Preti dhewek, angger ana guru sing mereki, malah kesenengen. Jere kebeneran, kesempatan, supaya dewei biji dhuwur, murah. Kolusi, pamer ayu. Mulane neng rapot bijine akeh sing olih wolu, sanga.
Cerdik!
Kiye, pas wulan Agustus mulane gurune cerita bab jaman perjuangan. Muskhil ngrungokna banget, ngendikane Pak Hant, lamona, jaman gemiyen sing berjuang kuwe umume para pemuda.
Contone: Bung Karno, Bung Hatta, Bung Tomo, Bung Syahrir, uga Bung, Bung, pemuda liyane maning.
Muskhil semlengeren, nembe ngerti ana tembung ‘bung’, nggo ngundang kanca-kancane, ngundang batir-batire.
Merga wulan Agustus, dadi guru lan muride kudu kelingan karo dina kemerdekaan. Mulane Pak Hant banjur duwe ada-ada, bocah kon gawe puisi perjuangan. Sekelompok telung bocah, bocah siji kudu dadi ketua kelompok.
Gawe puisi wektune 10 menit. Sekelompok cukup gawe puisi kepahlawanan siji bae. Paling akeh 10 baris. Jere Pak Hant, supaya gole ngoreksi ora kesuwen. Sing penting bocah gawe, ora perlu dawa-dawa. Sing penting maning, bocah kreatif, teyeng kerja kelompok, ngetokna apa sing neng pikirane.
Bareng kira kira wis 10 menit lewih, gurune ngendika.
“Wis, ngeneh pada ngumpulna puisine!”
Bocah-bocah ana sing manut, arep ngumpulna.
“Ngeneh tek koreksi, sing maju siji bae ya, ketuane thok”
Bocah-bocah manut,
“Mengko bar tek koreksi, bareng-bareng dedandani ya! Bareng-bareng nggarap, sekelompok!”
Lah mbok, gurune maen. Pancen gurune kreatif. Kenangapa sing diundang mung siji, sebab, supayane mengko, sing dadi ketua bisa mimpin kelompoke, bisa nerangna endi salahe lan kepriwe cara benere.
Maen mbok.
Temenan bareng bocah wis padha numpuk. Siji-siji puisine arepan dekoreksi neng ngarepe ketua kelompok. Batine Pak Hant, asline, kepengin gegen ngoreksi puisi gawenanane kelompoke Preti. Endi puisi kelompoke Preti, ya? Oh! Dasar thukmis!
Angger mengko pas karo Preti, jan maen pisan. Bocah koh ayu temen ya. Manis. Rambute dawa, ireng, ketel. Bathuke mencorong, pipine alus pisan. Tangan lan drijine, gilig. Kulite bersih. Lambene, numlik, madan abang. Tapi, sing penting maning, bocahe madan aleman. Byuh!
Jebul si Preti, bener- bener ketua kelompok. Sesuai ramalan. Siplah. Terus puisine Preti, nguja, desog ututan nomer papat. Dadi mengko deundang nomer papat.
Pas. Ora kengarepen, ora kemburinen. Pas nggo ngoreksi, kena degawe madan suwe, bareng kambi Preti, koh. Dasar thukmis!
Kelompok siji, wis. Kelompok, loro, telu wis. Siki kelompok papat. Ketuane si Preti. Temenan Preti, karo mleot, marani Pak Hant.
Mushkil mbadhe, kiye guru mesti kedanen karo Preti. Polah thukmise, kumat. Nyata!
Pak Hant, gole ngajari bab puisi kuwe, degawe asyik banget. Bener, mustakane Pak Hant deperekna maring sirahe Preti. Muskhil dhadhane dheg-dhegan. Ana rasa ora lila karo polahe Pak Hant. Kepriwe carane supaya bubrah?!
Tankocapa, sebab gurune lagi ngajari bocah sing ayu dhewek, kelompok siji loro telu lagi rembugan, bocah liyane ya reang, ngomong dewek-dewek. Kelase jan rame pisan. Pak Hant tetep asyik ngadhepi Preti.
Hehe! Guru! Guru! Lulusan ngendi, ya?
Muskhil mandeng gurune sing lagi karo Preti. Jelas kumat, kumat thukmise. Muskhil mikir. Kepriwe carane ngganggu gurune, supaya udhar thukmise.
Prenteng. Akale nyambung. Gagean bae, Muskhil terus, moni seru, swarane seru.
“Diambung! Diambung! Diambung!” swarane Muskhil karo nggebragi meja madan seru!
Pak Hant, kaget. Preti, njundhal.
Jelas kuwe swarane Muskhil. Kabeh bocah, sekelas, nyawang Pak Hant sing lagi karo Preti.
Deneng Muskhil ngomong deambung. Gawat. Cabul. Gurune sing lagi asik ngajari bocah ayu, jian ora nyana, deneng Muskhil kurang ajar banget!
Gegen bae, Preti kon lungguh. Pasuryane Pak Hant, abang mangar-mangar. Duka banget. Muskhil kurang ajar! Ngerti bae, nyong thukmis. Mbubarna kesenengane gurune.
Pak Hant terus nggebrag meja. Dher! Bocah sekelas langsung kaget, anteng. Klakep, persis orong-orong kepidek. Kaya ana setan liwat, tintrim.
“Muskhil!” ngendikane Pak Hant nimbali Muskhil. Muskhil, keyip-keyip.
“Muskhil, ngeneh! Maju!”
Muskhil mlaku, maju. Ngadeg, neng ngarep blabag.
“Qo, miki ngomong apa, hah!”
“Napa sie, Pak?” Muskhil, nggoblogi.
“Qo, miki, seru banget, ngomong apa?”
“Diambung, Pak!”
Pak Hant, prenteng, kepengin ngrewes Muskhil. Jian bocah, ora aturan banget.
“Qo, agi ngarani inyong ngambung Preti, ya?!”
“Mboten Pak!’
“Terus, qo, ngomong apa? Deambung, deambung, mbok?!”
“Sanes, Pak! Kula sanjang, diambung!” wangsulane Muskhil, kalem.
“Qo, ngomong, ping pira?”
“Ping, tiga, Pak!”
“Nah, kuwe, qo ngaku ngomong diambung, diambung, maksudmu apa, jajal?”
Bocah sekelas kaya ora ambekan. Obah bae ora! Gatel, detahan, ora wani kukur-kukur.
Muskhil nekad matur karo mandeng Pak Hant. Pak Hant, menggalih, apa ukuman sing pas nggo Muskhil.
“Ngapunten, Pak! Niku wau, kula tiru pelajarane Pak Guru!”
Hah! Pak Hant, palarapane mengkerut.
“Maksudmu?” Pak Hant, ora mudheng.
“Lah Pak Guru wau ngendika!”
“Ngomong, apa?”
“Para pejuang, menawi nyeluk rencange, ngangge tembung, Bung!”
“Terus?”
“Kula, nggih tiru!”
“Tiru, apa?”
Pak Hant, molaih menggalih, arep maring ngendi pikirane Muskhil.
“Ngaten, Pak!” swarane Muskhil alon tapi genah.
“Apa?”
“Lare-lare wau niku rame banget. Dados kula kesuh. Prentah, lare-lare ken mendel!”
“Deneng, qo ngomong deambung!”
Pak Hant mereki Muskhil. Bocah koh bundhet, kurang ajar ora nggenah.
“Sanes, deambung! Diam Bung! Pak!”
Hah.
Pak Hant, mlongo. Bocah-bocah padha pandeng-pandengan. Diam Bung!
“Niku Bahasa Indonesia, Pak. Diam Bung, ngoten!”
Pleng!
“Sanes, deambung, Pak!”
Gurune langsung meneng.
Astaghfirullah! Ujarku Muskhil, lagi nyindir inyong! Thukmis. Jebul lagi prentah bocah-bocah kon meneng.
“Ya wis lah, nganah njagong!”
Muskhil mlengeh. Mbatine surak. Kawus! Guru koh, thukmis karo muride!
Gara-gara mulang tembung ‘Bung’: Bung Karno, Bung Hatta, Bung Tomo, Bung Syahrir, uga Bung, Bung, liyane, Pak Hant kawus, siki, thukmise dadi madan kendho.
Lan molaih dina kuwe, bocah-bocah angger pas pelajaran Bahasa Indonesia, dewulang Pak Hant, angger perintah bocah-bocah kon anteng tembunge ya kuwe; Diam Bung! Diam Bung.
.
Mulane, dadi guru aja thukmis. Angger thukmis ya, aja mulang Muskhil, mbok deslidhing!
.
Agi kepengin guyon
Bandhu Banyumasan
Ngapunten, ora mutu!
Nuwun.
.
Toto Endargo.