Bandhu Banyumasan (5). Nguri-uri basa penginyongan. Serial polahe si Muskhil. Episode: Murid Njludrah
Epilog
Pog-pogane si Muskhil, desetrap, deukum, ora olih maring sekolahan, suwene seminggu.
Kebukti, deanggep bocah njludrah sing kebangeten. Kepala Sekolah, senajan abot alot, ora lila Muskhil deukum, nanging tetep bae kudu kersa tapak asma neng kertas ukuman.
Muskhil jian njludrah temenan, pantes angger deukum. Hehe!
***
Asmane Mila Silawati, katelah asma Bu Mila. Siki dadi guru neng kursusan musik. Dasar turunan seniman musik, mulane nyekel alat musik apa bae teyeng. Angger mulang senengane ngasta alat musik sing jenenge organ.
Ora saben wong tanggap karo tembung Mila Silawati. Jan-jane kuwe ana tanggal lan tahun laire, sing de umpetna neng asmane kuwe. Ibu Mila lair tanggal telu, wulan nenem, tahun pitung puluh nenem.
Kayane mung piyayi sing paham not angka, sing bisa tranyakan, ngothak-athik tembung kuwe. Bu Mila pinter maca not, not balok apa not angka, pada maene. Dadi angger priksa ana, larikan not, langsung drijine, tal-tul, nuthul tus, terus bae swara organ, kena derungokna. Mula pantes bisa dadi guru musik neng kursusan. Bu Mila uga sanggup angger desuwuni tulung ngorgan tunggal.
Wislah! Kuwe sethithik bab Bu Mila. Muga kena nggo nglantarna crita kiye.
Saking wis akeh sing ngerti bab bakat musike, mula ora gumun, Bu Mila, saben saben disuwuni tulung, melu mulang, ngajari bocah neng sekolahan, babagan musik lan alat musik.
Ora kliwat sekolahane si Muskhil ya nyuwun wektune Bu Mila, nyatane kersa melu mulang neng kana. Gurune Muskhil, Ibu Rena Saputri, Guru Seni Budaya, nyuwun tulung maring Bu Mila, mulangna bab not angka, lengkap karo swarane sisan.
Dasar wis biasa mulang, mula Bu Mila ya sendika dhawuh, tegese sanggup lan udu barang sing angel. Apa maning bab swara nada, wis jan lengkap-lengkip, ana neng perkakas sing jenenge organ.
Ya, jelas!
Jan-jane sing kudune mulang Muskhil, kuwe ya Bu Rere, sing asma lengkape Rena Saputri. Nanging merga ana bocah sing jenenge Muskhil, mulane, Bu Rere kipa-kipa, ora kepengin mulang bocah mursal. Bocah sing madhehi, sok sembrana, njludrah, semblothongan, lah pokoke, banget gole njelehi.
Siki kebenaran pisan, sing mulang Bu Mila. Dadi dina kiye ora gepok senggol karo menungsa sing jenenge Muskhil. Bu Rere kewatir mbok nganti dadi bahan usile Muskhil. Maning mulang bab seni musik, rumangsa udu bakate.
Bu Rere dhong kuliah njiot jurusan seni tari, sebab rumangsane duwe bakat nari. Lah, bareng dadi guru Seni Budaya, malah kon mulang, seni musik karo seni lukis mbarang, ya dadi angger arep mulang kudu gragapan dhingin.
Kewatir, angger ana pitakonan sekang Muskhil, terus ora teyeng semaur, priwe jal, toli kewirangan. Rasane Bu Rere angger ketemu Muskhil, emosine kumat, rasane kepengin mithes. Mithes Muskhil! Thes!
Hehe.
Jebul cara mulange Bu Mila praktis banget, ora kakehen teori. Siki jaman teknologi, ilat bocah bisa deganti nganggo ilat teknologi, maksude, swara bocah bisa diganti nganggo swara organ.
Dadi senajan ora teyeng moni nada do, angger teyeng mejet tus organ, sing ana angka sijine, ya otomatis ana swara do. Mencet tus organ sing ana angkane loro, bisa moni re. Lan seteruse. Swara sing metu sekang organ, mesthi swara sing standar. Ora fals, ora blero.
Sip!
Bu Mila nulis neng blabag putih nganggo spidol ireng: 1234531 61765 465431 24321.
Bocah sing arane Rahmu kon maju. Rahmu dewarahi neng Bu Mila, ya mudheng pisan. Angger ana angka siji neng blabag, si Rahmu ya kon nuthul tus sing ana angka sijine. Angka-angka liyane, aturane padha.
“Bocah-bocah, pirengna ya! Jajal kiye lagu apa sing de onekna neng Si Rahmu?”
“Nggih, Bu Guru!” Si Rahmu, ya terus nuthul tus organ: 1234531 61765 465431 24321
“Lagu apa, bocah-bocah?”
“Ibu Kita Kartini!” Semaure bocah-bocah.
“Ya, bener!”
Bu Mila, nulis maning neng blabag: 5511223 34512342 5522334 321555 671.
Terus Si Kilan, kon maju, nuthul tus organ.
“Lagu, apa, bocah-bocah?”
“Garuda Pancasila!”
“Ya, bener!”
Bar praktek, nuthul tus organ, Bu Mila nembe crita, yen jaman gemiyen wong angger ngajari lagu, lagune detulis neng kertas, angger siki ngajari lagu, nganggo rekaman swara, malah umume nganggo rekaman video. Bocah-bocah padha ora patia mudheng, aneh temen, ana lagu detulis neng kertas.
Wong gemiyen berarti titen banget ya!
Iya.
Bu Mila banjur nerangna sing jenenge not angka. Nulis angka siji tekan angka pitu, tambah siji maning, angka siji sing nduwure desogi titik. Angka-angka kuwe dewaca: do re mi fa sol la si do.
Malah asmane Bu Mila ya ana gandheng cenenge karo not angka. Mila kuwe angka 3 karo 6, tegese lair tanggal 3 wulan 6. Sila, tegese angka 7 karo 6, lahir tahun 76. Wati tegese putri, wadon. Dadi aran Mila Silawati kuwe tegese; anak wadon sing lair 3 Juni 1976. Muskhil, manthuk-manthuk, slemengeren.
“Oh, kaya kuwe ya!” Swarane Muskhil neng batin.
Sewise nerangna bab hubungane not angka karo gawe lagu, Bu Mila, pog-pogane, aweh tugas, bocah-bocah kon njajal gawe lagu. Carane, ya gampang, contone ya kuwe lagu Ibu Kita Kartini, Garuda Pancasila, angka siji tekan pitu, mung detata thok, tharik-tharik, bar kuwe mengko deunekna nganggo organ, toli moni.
Dadi lagu. Bab enak ora enak, irama lagune, kuwe, bab keri. Sing penting bocah kudu duwe hasil karya. Sing penting duwe hasil karya! Hehe.
Bareng wis rong puluh menit, mung bocah papat sing wani numpuk tugas gawe lagu. Rahmu, Kilan, Muskhil, lan Lilian Che. Kertas papat kuwe terus dewaca nganggo organ.
Sebab Bu Mila wis biasa, maca not angka nganggo organ, biasa maca lagu gaweane bocah, dadi ya sing kudune ora slaras, bisa de gawe slaras. Tapi dhong njajal maca nganggo organ, lagu gaweane Muskhil, Bu Mila krasa seneng, lewih madan kepenak.
Mula bar mulang, kertase bocah papat, deasta, deaturaken maring Bu Rere. Ngendikane Bu Mila maring Bu Rere, paring priksa, yen Muskhil kayane ana bakat nulis lagu, mula lagu karangane si Muskhil sing nganggo not angka kuwe, jajal delagokna, syukur Bu Rere kersa gawe syair sing pas nggo ngisi lagune Muskhil.
Ya, ampun! Duh, Gusti!
Bu Rere slemengeren, jebul Muskhil murid sing peng-pengan banget. Duwe bakat gawe lagu. Kertas deasta Bu Rere. Bu Mila pamit, kondur.
Bu Rere, gelem ora gelem, siki kudu ngormati Muskhil, yen kuwe murid sing maen. Kudu kersa ngapurani polahe Muskhil. Aja wadheh, kudu apikan karo Muskhil. Sebab Muskhil bocah sing duwe bakat khusus.
Bareng ana jam kosong rong jam, Bu Rere, niat banget, pengin banget gagean nyanyikna lagune Muskhil. Bu Rere, ora bakat nabuh organ. Tapi angger kon nabuh kethong, dhong rondha, madan bakat. Maca not angka, do re fa sol … yaa teyeng, najan madan gramakan, grathul-grathul.
Bu Rere piyayine langsing, grapyak, swarane najan madan cepreng nanging ing tengahing swara ana desah-desah sing bisa gawe kangen. Najan langsing, tumrape Muskhil, ana bagian sing spesial, yakuwe ana neng sangingsoring anggane, lan sanduwuring padharan.
Hehe.
Kacarita, temenan kertase Muskhil, dejembreng neng ruang guru. Kebeneran ana limang guru sing urung kondur, dadi melu midhanget swarane Bu Rere sing lagi nglaras not angka, lagu gaweane Muskhil.
Nanging bareng nembe rong menit, Bu Rere nyanyi. Ana guru sepuh sing nylandru.
“Bu Rere, panjenengan nyanyi napa?”
“Niki, Bu. Lagu damelane Muskhil!”
“Ngapunten, Bu. Kadose kok radi saru!”
“Lho, napa? Saru?” Bu Rere, urung dhong.
“Nggih. Saru! Cabul!” Ngendikane guru sepuh.
Hah!
Bu Rere ngragap. Merga saking seriuse ngragapi, maca not angka, nganti ora kober nggatekna tembung sing kebanjur kewetu ing lisan. Tankocapa guru sepuh mau, risi ing pamidhanget, mulane banjur ngendika.
“Bu, cobi kula sing maos, Bu Rere sing midhangetaken!” Bu Rere, manthuk.
Pasuryane keton pucet. Dadane deg-degan.
Apa klakon deusili si Muskhil?
Ha-haah!
Guru sepuh njembreng kertase Muskhil. Not angka dewaca alon, iramane kaya piyayi lagi maca syair, ora saben not dewaca dadi nada. Bu Rere, nyimak temenan. Bareng tekan tulisan not angka ngisor dhewek, 1 1 7 2 2 GD, Bu Guru sepuh maos not, nganggo swara sing alon tapi degawe genah banget, lamona si Muskhil lagi ngusili Bu Rere.
Angka not: 11 7 22 GD, dadi ya monine: do do Si Rere, gedhe.
Ya, ampun. Njludrah banget.
Pasuryane Bu Rere, abang mrekabak. Duka yayah sinipi. Jaja bang mawinga-winga. Waspane, luhe dleweran. Ana tangis antarane rengu lan nelangsa. Kaniaya temen si Muskhil, ya. Karo gurune, njludrahe, pol, ora ketulungan.
Guru-guru liyane uga melu prihatin. Muskhil kudu deukum abot. Guru sepuh mau banjur ngendika sareh.
“Mpun Bu Rere, perkara niki dedamel perkara sing ageng”. Bu Rere manthuk.
“Mugi, si Muskhil deukum sing abot. Syukur, detokna sisan!” Dongane guru sing sepuh. Kertase Muskhil desimpen karu guru sepuh mau. Kertas arep dadi bukti sing kuat kanggo ngukum si Muskhil.
Hehe, bar kuwe, temenan Muskhil, deukum seminggu ora olih sekolah.
Muskhil, kreatif tapi njludrah.
Desetrap! Seminggu!
Kebeneran!
Ndean!
.
Neng arsip guru BK, kertase Muskhil esih wutuh. Malah wis ana moni-monine angger not angka mau dewaca. Jian njludrah temenan!
Niki, kula salin nggih.
Not angka lagune Muskhil sing dadi perkara, gegere Bu Rere lan guru sesekolahan.
63 63 7 21 33 11 7 67
63 63 7 24 33 11 7 66
63 63 1 76 33 11 7 22
33 11 7 22
33 11 7 22
11 7 22
11 7 22
GD
Bacaan Not Angka milik Muskhil:
Lami lami si redo mimi dodo si lasi
Lami lami si refa mimi dodo si lala
Lami lami do sila mimi dodo si rere
Mimi dodo si rere
Mimi dodo si rere
Dodo si rere
Dodo si rere
Gede
Ngapunten
Agi kepengin njludrah
Nyuwun pangapunten sanget
Maturnuwun
.
.