Bandhu Banyumasan (4) – Muskhil Dewulang Guru Gemenyar

Bandhu Banyumasan (4). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Guru Gemenyar

 

Gemenyar

Barang sing ana glindhingane, wis jian, krasa mulya banget, mobil rasane gemleser, mobile mendut-mendut, rumangsane, mung lenggah anteng, desambi mancal pedhal gas, rem, wis nyamleng, bisa plesir tekan ngendi ora.

Jebul rasa gemenyar kuwe, klakon kegawa maring sekolahan, malah tekan kelase Muskhil mbarang.

Manut penggalihe Pak Showon, mobil kuwe dadi kepenak merga anane; glindhingan, pir, lan bensin.

Akeh benere, glindhingan mesti ana neng saben mesin, apa bae, apa maning tekan babagan transportasi, bisa lancar kesear, merga kabeh alat transportasi nganggo glindhingan.

Bayangna angger onana glindhingan!

Pir ya sing melu gawe kepenake menungsa. Pir ana sing degawe nganggo wesi apa kawat sing mubeng muntir, ana sing degawe sekang tumpukan plat wesi.

Saben barang sing nganggo pir dadi empuk, mendut-mendut, mbetahi.

Bensin ora kalah karo liyane, kabeh mesin perlu bahan bakar, perlu bensin. Angger onana bensin, motor, mobil, prau, sepur, kayane kudu desurung supaya bisa mlaku.

Hehe, kuwe penggalihe Pak Guru Showon, sing lagi gemenyar.

Pak Guru Showon, jane mbuh arep mulang apa, tapi dina kiye kepengin crita bab teknologi sing lagi neng angen-angen.

Dasar guru wis uwanen, dadi pinter crita, teyeng ngendikan bab pentinge ana glindhingan, istimewane bab pir, lan pentinge bab bensin tumprape mesin.

Ngendikan tekan bab hubungane teknologi karo kebutuhane menungsa.

Bocah-bocah, jian kaya dehipnotis, slemengeren karo carane Pak Showon nerangna. Fasihe pol.

Tapi bareng tekan crita yen Pak Guru siki kagungan mobil anyar, bocah-bocah molahi pating klesik. Ngrasani.

“Oh, jebulane mung arep crita bab mobil”

“Dasar gemenyar!” suarane Muskhil neng batin.

Bar kuwe Pak Guru Showon, nggo slimur, ngetokna idene sing kanggo ndukung tambahing pangerten lan pengalamane bocah-bocah.

Niat sing bagus, yakuwe kepengin gawe pameran barang sing ana glindhingane.

 

Pameran Kelas

Pak Guru idene jos banget, gawe seneng bocah-bocah.

Guru wegah ngoreksi kertas, dadi cara nggolete biji, arep sekang pameran bab teknologi. Ya ora papa.

Metode sing kanggo nyenengna siswa! Mung ya kuwe, keton banget yen Pak Guru Showon lagi seneng mobil.

Bocah-bocah dengendikani, lamona kelas arep ana, cilik-cilikan, pameran gambar lan dolanan mobil-mobilan.

Pameran teknologi, pameran barang sing ana glindhingane, ana pire lan ana bensine, kaya critane mau. Syarate mung telu kuwe.

Busyet!

Dasar lagi gemenyar!

“Sing nggawa gambar mobil, sepeda motor, sepur apa liyane tek biji pitu!”

“Nggih!” semaure bocah-bocah setuju

“Sing nggawa dolanan kaya mobil-mobilan tek biji wolu!”

“Nggih!” semaure bocah-bocah seneng

“Angger qo, nggawa barang maring kelas, sing ana glindhingane, ana pire, ana bensine, tek biji sanga!”

Bocah-bocah madan protes,

“Pak Guru, nggih mboten mungkin sing ngoten niku, saged de bekta teng kelas!” Mokopujo nekad protes, madan maido gurune.

“Iya, ya. Nyong bae ngerti. Ora mungkin ana barang sing syarate kaya kuwe mlebung kelas, tekan meja guru! Iya, mbok?!” kuwe ngendikane Pak Guru.

“Ya angellah. Ora sreg temen!” suarane Mansyur. Pak Guru, midhanget.

“Lho, jenenge bae sekolah, ya ana angele!” ngendikane Pak Guru.

“Angger wonten, debiji pinten Pak?” suarane murid putri sing undang-undangane Henny.

“Sepuluh!” Janjine Pak Guru.

“Lah, masa anaha!” suarane Mansyur maning.

“Iya nyong bae ngerti. Masa anaha!” ngendikane Pak Guru Showon, sing malah ngegongi penemune Mansyur.

Hehe

 

Muskhil Bingung

Temenan. Dina Jemuah esuk kelase Muskhil wis rame. Padha nggawa dolanan. Jian werna-werna dolanane, ana mobil-mobilan, trek, bis, malah ana sing nggawa sepur-sepuran. Paling ora ya gambare. Kebeneran telung jam pertama dewulang Pak Toto dadi bocah madan anteng, ora patia brisik, senajan wis kepengin pamer dolanan.

Bar istirahat lah, kuwe, kelase Muskhil dewulang Pak Showon.

Acarane Pak Showon, ana loro, yakuwe; nagih tugas, karo aweh biji, sejam; bar kuwe pameran kelas, wektune sejam. Maring bocah-bocah, jere, nggo nglatih kendel dadi ora detimbali, nanging sapa wani, ya majua, cut siji karo nggawa apa duwene.

Muskhil siki bingung, jane mau duwe barang loro. Siji gambar sepeda motor sekang Memes.

“Maturnuwun, ya Mes, qo apikan!” Tapi nembe rong menit, gambare derebut Boedi, nganti dadi sewek, brebet. Ngawur banget. Gambar sekang Memes, pog-pogane malah mubah.

Sing siji maning buntelan sekang ngumah, barang sing siki neng sak kathok. Niate nggo cadhangan, tenimbang ora olih nilai. Sing penting nggawa. Barange de buntel kertas, kertas bekas bungkus sabun.

Bareng gambare sewek, gara-gara Boedi, Muskhil dadi maras, jian dheg-dhegan pisan. Eling buntelane, gelem ora gelem ya barang kuwe sing nggo nggolet biji. Tenimbang ora olih biji, pokoke nekad. Nekad, kudu nekad.

Pak Showon mriksani daftar nilai. Kari Muskhil sing urung maju. Barang-barang dolanan bocah lan uga gambar, wis detata neng ngisor blabag, ngarep. Ana meja telu, dejejer. Kaya neng pameran. Blabage detulisi.

___Pameran Mini, Teknologi Roda, Per dan Bensin___“.

Jian maen pisan, trukah, polahe Pak Showon.

 

Muskhil deawe, kon maju. Atine esih dheg-dhegan. Nekad.

“Muskhil, qo nggawa apa. Kari qo thok sing urung numpuk!”

“Nggih, Pak!” Muskhil maju, buntelan kertas, deaturaken maring Pak Guru.

Bocah-bocah padha ndawakna gulu, nglongok, kepengin ngerti isi buntelane Muskhil. Pak Showon, mbukak buntelan. Pak Guru, palarapane (bathuke) mengkerut. Gumun karo isine buntelan.

Pak Guru terus ngendika karo ngethungna barange Muskhil.

“Bocah-bocah, gyeh, Muskhil ora nggawa dolanan, malah nggawa kaya kiye!”

Bocah-bocah langsung klakep, anteng, ngambakna mripat, kepengin ngerti apa sie, sing deasta Pak Guru.

Muskhil banjur nekad matur.

Sebab bocahan lagi ampleng dadi suarane Muskhil genah banget.

“Pak, niku barang, pas kaliyan ngendikane, Pak Guru!” Pak Showon, gemujeng, nyepelekna barange Muskhil.

“Deneng, pas? Pas kepriwe?”

“Lah, niku wonten glindhingane!”

Hah, Pak Guru langsung meneng.

Bener, genah banget, ana glindhingane.

“Niku teng nglebet nggih wonten pire!”

“Iya, aku ngerti!” Pak Guru, madan pucet.

“Ugi wonten bensine, cobi mawon deambet!”

“Iya, kiye mambu bensin!” ngendikane Pak Guru lirih.

Krungu lamona gawanane Muskhil, lengkap, ana glindhingane, ana pire, ana bensine. Henny, kelingan ngendikane Pak Guru, gegen bae, nyuwara,

“Sepuluh. Biji sepuluh!”

Bocah-bocah liyane terus melu bae, melu usul, reang,

“Sepuluh! Sepuluh! Sepuluh!”

Pak Guru, mlongo, mriksani barange Muskhil.

“Qo, njaluk, biji pira. Muskhil!”

“Wolu, mawon, Pak!”

Pak Showon, manthuk-manthuk.

Terus nulis neng buku nilai, Muskhil tetep debiji sepuluh, kaya janjine. Terus barang sing degawa Muskhil, ora desog meja pameran, nanging nguja, debukak tutupe, terus desog neng meja guru.

Bocah-bocah mereki, nglongok gawane Muskhil. Mansyur neng ngarep dhewek. Apa jane? Jebul, gawane Muskhil kuwe, mung; Rek.

Rek kuna. Rek bengsin.

Hehe!

Rek bengsin. Reke bapane Muskhil, sing sok nggo urub-urub ngobong runtah, gawe blubukan. Rek, depriksani Pak Guru. Mantep.

Deangen-angen. Jebul mobil padha karo rek kuna ya. Ana glindhingane, najan mung siji, tapi tetep glindhingan, ana pire, ya bener, ana pire sing nggo nyundhul batu geni, ana bensine ya jelas, wong arane bae rek bengsin.

“Muskhil, Muskhil, qo, ana-ana bae, ya!” Pak Guru, ora wani ngejres, najan priksa, angger de jres mesti deles rek kuwe murub, ana genine.

Penggalihe Pak Showon, dadi madan nelangsa. Rumangsa dewelehna neng Muskhil.

Wislah, mareni, arep ora crita bab mobil maning. Mbok ndarani gemenyar. Bareng ngendikan, rasan, karo Pak Bangun, bab gawanane Muskhil, malah depaido sisan;

“Kuwe, mulane aja sok gemenyar!”

“Nggih, Pak!” Pak Showon, ngiyani.

Langsung kliyus, ngadoh. Terus, mbuh tindak ngendi!

Ndean, madan kisinan.

Hehe, ngoten niku critane si Muskhil kala luru biji.

Nuwun.

 

Ngapunten nggih, kangge sing asmane melu kecawel.

Namung agi kepengin guyonan bareng.

Maturnuwun.

Salam!

=====

totoendargo

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *