Bandhu Banyumasan (3). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Desidang Kepala Sekolah
Kasus Anyar
Guru BK (Bimbingan dan Konseling), ngasta rong lembar kertas.
Kertase Muskhil karo kertas arsip panggilan orang tua.
Lorone deklip terus dilebokna neng map. Data nggo sidang kasus anyar si Muskhil.
Sidange neng ruang tamu Kepala Sekolah (KS).
Kawus! Wis ngerti Bu Angry, piyayine emosian, gampang rengu, kesuh, wani-wanine Muskhil, nyepelekna panjenengane.
Kawus, qo!
Muskhil, Muskhil! .
Bu Guru Poyan
Wingi, bareng mriksani kertas garapane Muskhil, Bu Angry ora trima,
Poyan maring Guru BK, tulung gawekna panggilan orang tua, wong tuane Muskhil.
Terus poyan maning maring Wali Kelase Muskhil, wakil KS lan Urusan Kesiswaan.
Pokoke Muskhil, angger olih, angger pada setuju, Muskhil kudu detokna sekang sekolahan, balekna bae maring wong tuane, kon pindhah sekolahan.
Wingi awan uga, Bu Angry poyan maring Kepala Sekolah (KS).
Matur karo tawa melas, adol tangis, madan meksa.
KS kudu melu nyidang Muskhil, melu mutusi ukuman sing murwat, syukur abot, maring polahe Muskhil.
Lah, merga wis awan, padharane KS kruwuk-kruwuk, tur lagi madan sibuk, dadi KS urung patia dhong banget, apa jane, apa sebenere kasuse si Muskhil kuwe.
Mula merga karo poyane Bu Angry kuwe, KS ngendika:
“Ya, wis, ngesuk bae, Bu. Si Muskhil desidang, dedangu, dadi masalahe lewih genah! Aku ya kepengin ketemu Muskhil Angger pancen kudu detokna, ya, tokna bae!”
“Nggih, Pak. Kula seneng. Ngenjang desidang teng ruang BK, napa?”
“Ora. Ngkene Bae, ruang tamu kepala sekolah, sing ruangane madan amba tur lewih sepi, ora saben wong mlebu ruangan kiye!” ngendikane kepala sekolah.
Sip! Kawus, qo.
Muskhil, Muskhil! ..
Sidang Muskhil
Siki wis kumpul neng ruang tamu kepala sekolah.
Guru BK, loro.
Bu Angry si Guru Fisika, Wali kelase Muskhil, wakil KS, guru urusan kesiswaan lan Kepala Sekolah.
Dadi ana piyayi pitu sing arep nekseni polahe Muskhil sing wis gawe getem-geteme Bu Angry.
Kabeh ngasta data sing bisa merekna si Muskhil nampa ukuman abot.
Manut penemune guru-guru, kasus anyar polahe Muskhil wis mlebu kasus sing kebangetan.
Kasare Muskhil deanggep kurang-ajare por! Por seor!
Ngremehna wulangane Guru Fisika. Nyepelekna tugas guru. Ngremehna harga-dirine Guru Fisika. Ngenyek maring guru, sing kudune deajeni.
Lan kawatir, mengko-mengkone polahe Muskhil bakal dadi gawe kuceme aran sekolah.
Merga mengko jam sepuluh KS ana rapat neng kantor dinas pendidikan, dadi senajan wong tuane Muskhil urung rawuh, sidang antarane Muskhil karo pihak sekolah kudu gegen labuh.
Muskhil Dedangu
Muskhil detimbali mlebu maring ruang tamu KS, dheg-dhegan banget.
Asline jian ora ngerti babar jit, apa sebabe nganti detimbali KS.
Bareng mlebu ruangan, jegagig, deneng wis ana guru-guru, pejabat penting neng sekolahan.
Muskhil dekon lungguh perek KS. Sewise dedangu werna-werna bab keluarga lan apa sing ana neng ngumah, akhire KS mlebu maring bab polahe sing gawe getem-geteme Bu Angry.
“Muskhil” KS ndangu.
“Nggih!”
“Apa kiye bener kertas lan tulisane qo?”
“Nggih. Leres!”
“Kenangapa qo nulis kaya kiye, apa Muskhil ora seneng dewulang Bu Angry?”
“Lho!” suarane Muskhil, bingung.
“Kiye jenenge qo ngenyek Bu Guru, nyepelekna wulangane. Kiye tulisanmu ora sopan babar blas!”
“Lho!”
“Apa qo wingi dewulang fisika, neng Bu Angry?”
“Nggih!”
“Muskhil nyimak apa ora?”
“Nyimak Pak. Malah kula rumaos paham lan seneng dewucal Bu Angry!”
Heh! Guru-guru midhanget wangsulane Muskhil, kabeh padha meneng. Gumun karo apa jane sing nggembuleng neng pikirane Muskhil.
KS menggalih sedhela.
Kepengin mbandingna garapane Muskhil karo garapane kancane. Mula maring Bu Angry;
“Bu, aku tek melu ndeleng garapane bocah-bocah liyane!”
Bu Angry banjur ngaturaken kertas garapan bocah-bocah. Sedhela KS mriksani kertas garapane bocah liyane, banjur ngendikan.
“Muskhil, kiye garapane, Lilian Ce; 1. Suling, 2. Angin, 3. Mercon, olih biji wolu” “Nggih, Pak!”
“Kiye garapane Barma Dhangawan; Bonang, Banyu, Bledheg, olih biji wolu!”
“Nggih Pak!”
“Kiye garapane Asma Kusarung; 1. Gitar, 2. Angin, 3. Bom, olih biji wolu. Terus qo, kepriwe? Kenangapa qo ora kaya kiye? Kenangapa qo malah sejen dhewek?”
“Niku kanca-kanca kula namung sami tiru-tiru Bu Guru, mboten mikir piyambak!”
“Lho, dadi kiye asile qo, mikir dhewek!”
“Nggih, Pak!”
“Jajal deterangna, kenangapa garapane qo, koh dadi ora sopan kaya kiye!”
“Napa mboten sopan, nggih Pak? Ngapunten. Niku kula mikir piyambak, bar nyimak wulangane Bu Guru!”
“Iya. Kenangapa garapane qo, koh dadi ora sopan kaya kiye? Jajal jelasna!”
Muskhil unjal ambegan landhung, terus mandeng kertase sing neng astane KS.
“Nomer setunggal, niku, dhong mungel; Thuuuuuiiiiit. Niku namine nada, frekuensine teratur. Nomer kalih; dhong mungel; Beeesss, niku namine desah, frekuensine mboten teratur. Nomer tiga, dhong ngeden, lajeng mungel; Dhut! Niku namine dentum. Suara sing ijig-ijig seru!”
Hah. Bu Angry langsung klakep, jebul Muskhil paham karo sing dewulangna wingi. Guru liyane, sing melu sidang, paham ora paham fisika, slemengeren midhanget omongane Muskhil.
KS sing kelingan dhong SMP dewulang Pak Toto, langsung dhong, langsung paham. Priksa apa sing dadi dalan pikirane Muskhil.
“Oh. Muskhil. Ya, wis, aku paham. Kuwe pelajaran bab; Nada, Desah dan Dentum! Aku dhong SMP tahu dewulang kuwe!”
“Nggih, niku, Pak!”
“Ya wis. Siki qo, bali maring kelas, nganah melu pelajaran!” ngendikane KS.
Muskhil langsung menyat, plencing! Mlayu maring kelas. Mbuh, apa urusane, sing penting wis bebas.
Guru-guru Bingung
Guru-guru sing ana padha bingung. Deneng Muskhil ora deukum. Malah bebas merdeka. KS unjal ambegan. Terus gemujeng karo gedheg-gedheg, jebul Muskhil pikirane mlaku. Ora saben bocah kaya Muskhil.
“Bu, Angry, kiye kertase Muskhil, tek paraf, tek biji sanga!”
“Pak!” Suarane Bu Angry, sing maksude menging, ora setuju, ora rila karo keputusane KS.
Nanging KS wis mantep, jipet. Muskhil deanggep bocah sing kreatif, nalare denggo, ora mung tiru-tiru, wangsulane cocog karo apa sing dewulangna.
KS terus karo gemujeng, gagean gawe angka sanga, sret. Desogi paraf KS, guwek.
Mula kertase Muskhil resmi ana bijine sanga sekang KS. Padahal kertas garapane Muskhil, gole gawe conto barang sing bisa ngetokna: Nada, Desah dan Dentum, sepele banget. Mung ana telung larik, nomer siji, loro, telu, isine, kabeh tembunge padha, yakuwe: 1. Entut. 2. Entut. 3. Entut.
Sidang deanggep rampung.
KS banjur nerangna, maring bapak ibu guru sing melu sidang. Lamona si Muskhil kuwe bener-bener nyimak wulangane Bu Angry, bab Nada, Desah dan Dentum.
Pancene angger pas kebeneran, teyeng ngatur, entut, kuwe ya bisa bae, ngetokna suara kaya nada, Thuuuuuiiiiit. Bisa ngetokna suara desah, dhong moni, Beeesss. Terus angger ngeden, degentakna ya dadi Dentum, moni Dhut! Tapi ambune! Joroke por.
Hehe, kanggo piyayi sing paham fisika ya langsung maklum, sing ora seneng fisika ya wis, mung bingung, manthuk-manthuk thok.
“Wis ya nyong arep rapat, kiye wis jam tengah sepuluh. Terus wong tuane Muskhil, wis ora susah kon rawuh sekolahan!” Pesene KS.
“Pak!” Suarane Bu Angry, madan seret, kesuh, kepengin nangis.
“Napa, Bu Angry?”
“Jebul Muskhil karo kepala sekolah, padha ya?”
“Padha apa?”
“Padha-padha njelehi! Madhehi!”
“Iya!”
Hehehe!
Maturnuwun.
Ngapunten
Namung agi kepengin guyon
Nuwun.
=====
Toto Endargo
totoendargo