Bandhu Banyumasan (2) – Murid Reang

Bandhu Banyumasan (2). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Murid Reang

 

Bu Sishy

Bu Sishy guru sing kreatif, saben-saben kagungan cara mulang sing jos. Dadi muride seneng. Reang semending ora papa.

Bu Sishy, piyayine langsing sedhengan, kulite kuning, pasuryane manis, wajane putih rata.

Ngagem tesmak, kacamata bening, kinclong. Angger Bu Sishy gemujeng, pipine ana dekike sing nggaler, pipine keton nyempluk.

Dasar guru putri, esih nom, ayu, tur pinter dandan. Sing nyawang mesthi bisa kedanen.

Bu Sishy, guru Bahasa Indonesia.
Muskhil sering kamitenggengen nyawang ngguyune.

Cilakane, Muskhil ora ngerti yen Bu Guru jane wadheh karo dheweke. Malah lagi menggalih priwe carane mirangna Muskhil.

Kepriwe supayane Muskhil bisa tatu atine. Hehe.

Suduk gunting tatu loro, Muskhil bisa kewirangan, lan bisa lara atine.

 

Dina kiye Bu Sishy mulang kelase Muskhil.
Wingi, bareng kelingan arep mulang Muskhil, Bu Sishy, nguja tindak salon.

Rikmane sing sepundhak, carane siki, degawe kaya rambute Song Hye Kyo, neng Encounter, rikma sing neng bathuk nguja slawir-slawir, dekethok nduwur alis, nggo nutupi bekas kukul.

Ngagem seragam sepan lan blazer warna biru. Blazer nutupi ageman njero warna kuning gading, dasine ngagem syal sutra tipis kembang abang nom.

Sinawang sekang iringan, kaya ana gambare gunung Slamet, tinempel miring ing pernah dada. Jian ngedhab-dhabi temenan.

Lah, angger piyayi putri dandan ntong-ntongan kaya kuwe, berarti agi pamer ayune, mula aja wani-wani nacad, apa bae aja decacad, bisa purik, bisa nangis mbatin.

Theklek, theklek, swara sepatune Bu Guru. Desawang sekang mburi, hak sepatune sing limang senti, klakon gawe wujud wentise sing gilig weweg kaya wit pari arep mrocot, keton liwat belekan sepan.

Serr!

Untung Pak Toto wis purna, angger urung mesthi melu slemengeren, terus sapa ngerti malah nggo bahan gawe crita.
Ndean!

Bu Sishy ngendika:
“Bocah-bocah siki mikir sedhela ya, mengko maju siji-siji ngapalna neng ngarep kelas!”
“Ngapalna, napa Bu Guru?” takone bocah-bocah.
“Apa tembunge, apa tegese!”
“Contone, Bu Guru!” takone bocah-bocah.
“Petani, wong sing seneng tani. Penari, wong sing seneng nari!” Bu Guru nyontoni.
“Nggih, Bu Guru!. Saged! Saged!” Bocah-bocah reang. Ngerti sing demaksud gurune.
“Sing apal tur bener tek biji wolu! Sing glandetan bijine nenem. Sing ora teyeng bijine nol!” Janjine Bu Guru gole arep aweh biji.
“Nggih Bu Guru!”
“Ngapalna sing wis deapalna kacane, bijine pinten, Bu Guru?”
“Ora kena mbaleni! Bijine nol!”
“Nggih Bu Guru!”

Bu Guru banjur nimbali muride, cut siji. Ora urut daftar nama. Sing penting, Muskhil mengko nggo pol-polan, pog-pogan. Supayane nganti entong tembung apa sing kudu deapalna Muskhil.

Werna-werna tembunge bocah-bocah, ana sing ngomong; pekerja, pelaut, perantau, nganti tekan, seniman, dermawan, budiman, lan liyane maning.
Bu Guru seneng. Muride kreatif.

Bareng tekan murid sing nomer 21 maju, Muskhil mulaih panik.
“Entong, entong!” tembunge Muskhil, neng batin.
Murid nomer selawe, maju.
“Batman! Wong sing pinter kaya codhot!”
“Hore, Batman!” Bocah-bocah, surak, reang. Bu Guru seneng. Muride kreatif.
“Entong, entong!” tembunge Muskhil, neng batin.
“Kula, Bu Guru!” Suarane Muskhil.
Bu Guru, api-api ora midhanget.

Murid nomer 27.
“Spiderman! Wong sing pinter kaya katel!”
“Hore, Spiderman!” Bocah-bocah, surak, reang. Bu Guru seneng. Muride kreatif. “Entong, entong!” tembunge Muskhil, neng batin.
“Kula, Bu Guru!” Suarane Muskhil maning.
Bu Guru, api-api ora midhanget.

Murid nomer 28. Maju.
“Pahlawan! Wong sing akeh pahalane!”
“Hore, Pahlawan!” Bocah-bocah, surak, reang. Bu Guru seneng. Muride kreatif. “Entong, entong!” tembunge Muskhil, neng batin.
“Kula, Bu Guru!” Suarane Muskhil maning, kanggo sing ping ke telu.
Bu Guru, tetep api-api ora midhanget.

Muskhil siki sadar, ngerti yen lamona Bu Guru nguja, Muskhil detimbali keri dhewek. Jelas supaya Muskhil kebingungan, ora teyeng.
Muskhil pasrah.
“Ya, wis lah!”

“Muskhil! Maju!”
Bu Guru nimbali, suarane merekna Muskhil dheg-dhegan.
Muskhil maju.
Bu Guru, ndangu.
“Ayo Muskhil, apa sing deapalna?”
“Mboten saged Bu Guru!”
“Ora teyeng ya olih nol!”
Muskhil meneng
“Gelem. Olih nol?” Bu Guru nyedheki Muskhil.
Pasuryane sumringah, katon ayu banget. Antinge mutiara seblindhi, putih neng sela-selane rikmane sing ireng njanges. Klerab, sorote nampek mripate Muskhil.
Pipi ngisor talingan Bu Sishy, katon putih nyempluk ana rambute tipis.
Muskhil kamitenggengen.
Bu Guru gemujeng, seneng banget priksa Muskhil kebingungen.
Muskhil raine keton pucet.

Bu Guru mesem ngujiwat, banjur drijine sing mucuk ri, nyilakna rikma ponine sing nggo nutupi bekas kukul. Nyet, Muskhil kaya olih mukjizat, nemu tembung sing kena nggo golet biji.
“Kula mpun saged Bu Guru!”
“Iya. Tek biji sanga, angger bener!”
Bocah-bocah langsung cep, meneng kabeh.
Kepengin ngerti apa tembunge Muskhil.
Muskhil unjal ambegan.

Bu Guru dipandeng.
“Poniman. Wong sing rambute depotong poni!”
“Apa?” Bu Sishy, kaget.
Jebul Muskhil nyawang model rambut ponine.
“Bu Guru, Poniman! Rikmane poni!”
Suarane Muskhil nguja degawe seru.
Bocah-bocah krungu.

Reang.
Seneng karo tembunge Muskhil.
“Hore, Bu Guru Poniman! Rikmane poni. Bu Guru Poniman, rikmane poni!”
Bocah-bocah reang. Ana sing nabuh meja mbarang.

“Poniman, wong sing rambute depotong poni!”
Nggembuleng tembunge Muskhil neng pikirane Bu Guru.
Ana benere.

Bocah-bocah esih reang. Bu Guru bingung.
“Hore, Bu Guru Poniman! Bu Guru Poniman!”
Bocah-bocah tetep reang.
Esih ana sing tabuhan meja.

Pleng. Klepat.
Bu Guru mlayu metu sekang kelas.
Kepengin nangis. Kesuh. Lara ati.
Rumangsa dewirangna karo Muskhil.
“Muskhil! Muskhil!”

Hehe! .
Ngapunten.
Muskhil, jian ora paham, Bu Sishy dina kiye, agi dandan ntong-ntongan, agi pamer ayune, kudune aja wani-wani nacad, apa bae aja decacad. Najan mung masalah wadanan, bisa dadi masalah gedhe.

Bu Guru nangis mbatin. Asma Poniman, jane ora baen-baen. Tau ana pejabat negara asmane Pak Poniman. Nanging kepriwe maning? Asma Poniman gawe tatu atine Bu Sishy.

Lan, molahi dina kuwe Bu Sishy sing ayune uleng-ulengan, sering diparabi karo bocah-bocah, asmane dadi Bu Poniman. Gara-gara Muskhil kepepet.

Suduk gunting tatu loro.
Klakon Muskhil olih biji sanga, detambah gawe tatu atine Bu Sishy, si Ibu Poniman.
Hehe! .

Ngapunten.
Nuwun.
.
totoendargo

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *