Bandhu Banyumasan (11). Nguri-uri basa penginyongan. Serial polahe si Muskhil. Episode: Manut Ngetut
Dina Kemis
Dina Kemis. Esuk-esuk, Muskhil detimbali maring ruang BK. De ngendikani karo guru BK. Ana guru papat neng kana sing melu nyekseni, melu ngendikani.
Muskhil ya mung manthuk-manthuk thok. Angger metu tembunge ya mung “Nggih, nggih!”
Neng ruang BK mung sejam pelajaran. De ngendikani kon mareni, tobat! Aja maning-maning! Dosa!
“Wis nganah, mblebung kelas, sinau sing bener!” ngendikane Guru BK. Ngutus Muskhil maring kelase, kon melu pelajaran dina kemis kuwe. Muskhil githir mlayu maring kelase. Neng batin, Muskhil surak seru banget.
Muskhil, detimbali maring ruang BK, merga Muskhil wingi polah.
Kawus! Dhasar Muskhil! Wingi dhong dina Rebo awan, critane kaya kiye.
Pak Agam
Pak Agam kuwe guru Agama Islam neng sekolahane si Muskhil. Jane asmane ya udu kuwe, nanging wong bocah.
Bocah sekolah toli sok padha gawe undangan utawa julukan kanggo gurune dhewek-dhewek. Sekepenake. Guru Bahasa Jawa, jere Pak Baja, Guru Matematika jere Bu Matik. Nah sebab guru agama mula ketelahe dadi Pak Agam.
Pak Agam najan kegolong senior nanging piyayine esih urung meneb banget, dadi esih ana gronjalan neng ati, kadhang-kadhang kepengin usil.
Esih kegawa kepengin tiru guru liya sing ora sreg karo anane Muskhil neng kelas. Tiru ana rasa madan wadheh karo polahe si Muskhil. Malah kepengin melu ndukani Muskhil.
Dina Rebo.
Pak Agam dina Rebo kudu mulang neng kelase Muskhil. Jan, nyatane, dina kuwe neng atine Pak Agam wis ana niat kepengin ndukani Muskhil.
Najan angger ndukani kuwe, duwe karep, arep ndandani polahe Muskhil, Ndandani, supaya ora gawe gelane guru-guru. Tapi ya, donge, aja de niati. Jenenge, niat sing ora apik, mbok? Ya wis, nasibe Muskhil.
Tapi maning, jane, ya ana benere. Bocah ya kudu deajar, dewulang. Dewulang nganggo cara sing trep karo apa polahe bocah. Bocah angel ya dengendikani, depaksa kon mareni, kon tobat.
Angger bocahe angel banget, ya kudu depeksa banget. Sing penting tujuane arep nggawa bocah kon mlaku neng dalan sing bener. Lan ora gawe cacade bocah.
Welingan
Jam pelajaran papat-lima, dadi kira-kira, wis awan, jam sepuluhan, Pak Agam tindak nuju kelase Muskhil. Neng mbatin, ngarep-arep, muga-muga nemu jalaran nggo alasan ndukani Muskhil.
Apa maning mau wis ana welingan sekang Bu Angry, ngendikane maring Pak Agam.
“Pak, tulunglah, si Muskhil dengendikani, kon aja sembrana karo gurune!”
“Mbok, njenengan, toli, teyeng ngendikani dhewek!”
“Ya, teyeng! Tapi angger dengendikani neng guru agama toli lewih manut!”
“Ya. Insyaallah!”
Ngetung Bocah
Wis dadi kebiasaane pak Agam, angger nembe mlebung kelas, jumeneng anteng neng ngarep meja kelas. Mriksani kabeh bocah. Neng batin ngetung pira bocah sing neng kelas kiye, angger pas ya tegese bocah sekelas mlebu kabeh, onana sing absen.
Oh. Nyatane dina kiye kabeh bangku ana bocahe, dadi tandane, kabeh bocah mangkat. Etungane genep. Pas. Nihil, tegese onana sing absen. Kabeh bocah kelase Muskhil padha waras, sehat.
Usreg
Muskhil kuwe, duwe kebiasaan sing umum kanggone bocah sekolah, ya kuwe usreg nyiapna buku pelajaran. Nah, ndeane, dina kiye tiba dina sangar naas bangas kanggone Muskhil, genah ana Pak Agam, Muskhil esih usreg bae nggoleti buku.
Miki jane ya wis ngetokna buku, jebul buku IPS, dadi debalekna maning. Mulane esih usreg temungkul ngoleti buku agama.
Priksa Muskhil agi ibut temungkul. Pak Agam kaya olih wangsit, peng-pengan. Kiye kesempatan, dalan ndukani Muskhil.
Gagen Bae.
Pak Agam gagen bae uluk salam, karo mendeng polahe Muskhil
“Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh!”
“Wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh!” saure bocah-bocah, bareng. Muskhil sing esih ureg, ora kesait mangsuli salame Pak Agam. Kebeneran, dedadekna jalaran karo pak Agam, nggo ndukani Muskhil.
Jane ya ora saben bocah semaur. Nanging wong agi ngincer Muskhil dadi, Muskhil thok, sing nggo tebok.
Dukani
“Muskhil!” ngendikane Pak Agam, nimbali Muskhil.
Muskhil mandan njlimprak. Madan kaget. Mandeng, Pak Agam. Pak Agam ngawe.
“Dalem. Pak” wangsulane Muskhil sopan, karo nggletakna buku agama neng nduwur meja.
“Maju!” Muskhil gleser-gleser maju maring ngarep blabag. Unjal ambegan. Nasib!
“Qo, dadi bocah sing sopan ya. Ngregani gurumu!” ngendikane Pak Agam.
“Nggih, Pak! Napa kula lepat!”
“Salah, keliru! Pak Guru mau uluk salam, Muskhil ora mbales salame Pak Guru. Iya mbok?”
“Nggih Pak!”
“Kudune kepriwe?”
“Kula semaur, wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh!”
“Nah, kuwe Qo, ngerti! Mulane dadi bocah aja kakehen polah. Usreg bae. Dadi bocah kuwe sing manut, nurut. Ngetut apa sing dewulangna neng gurune! Ngerti!”
“Nggih, Pak!”
Bar ngendika kaya kuwe, Pak Agam banjur ngereh Muskhil kon semaur, wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh, nganti ping lima. Sing sepisan nyemauri salame Pak Agam. Sing papat, sekang kancane wadon loro, sekang kancane lanang loro. Tega, ya?
Suntrut
Awan-awan wis dedukani Pak Agam. Rasane ntlangsa banget. Raine Muskhil dadi suntrut, kaya ayam katisen.
Wis kaya kuwe, priksa Muskhil kaya ayam katisen, Pak Agam malah ndadekna bab salam nggo wulangan dina kuwe, rong jam.
Ngendikakna, apa pentinge uluk salam. Kepriwe hukume lan pahalane wong aweh lan mbales salam.
“Pokoke mbales salam kuwe penting aja kaya Muskhil, sing ora sopan!”
“Astagfirullah!” batine Muskhil lara banget. Bola-bali Pak Agam, nyebut aran Muskhil nggo conto sing ora apik. Ana ping lima ndean.
Kudu Wangsulan
“Pokoke angger ana assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh!, Muhklis apa wangsulane?” ngendikane Pak Agam karo tajem mriksani Muskhil.
“Wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh!” wangsulane Muskhil madan ndledheg.
“Ngerti, Muskhil!”
“Nggih Pak!”
Jan, jan! Astaghfirulah banget! Pak Agam, kaya piyayi sing agi balas dendam, oh iya, ndean agi malesna jengkele Bu Angry! Olih welingan, ndean.
Rampung mulang, Pak Agam arep tindak, ninggal kelas, esih kesait ngendika maring Muskhil.
“Muskhil, Qo mbok mau duwe salah maring Pak Guru, deneng ora nyuwun ngapura! Mbok dosa, lho” klepat Pak Agam miyos sekang kelas. Muskhil ngelus dada,
“Astaghfirullah!”
Kon Nyuwun Ngapura
Bar mulang Muskhil, Pak Agam neng ruang guru terus crita maring kanca guru, yen piyambake nembe bae ndukani Muskhil.
Crita bab alasane ndukani Muskhil sing ora semaur dhong Pak Agam uluk salam. Bu Angry midanget kuwe, terus ngedhengna jempol kiwe-tengen. Maksude melu seneng.
Kawus koh, Muskhil! Mulane angger dadi bocah ya sing sopan, aja madhehi! Sing manut miturut, ngetut karo nasehat gurune.
Ana salam ya de sauri sing cetha, sing bener!
Kocapa Muskhil neng njero kelas, nelangsa pisan.
Krasa!
“Kayane Pak Agam pancen nguja, nyong nggo dolanan, nggo conto sing ala!” moni batine. Muskhil, nguja dewirang-wirangna neng ngarepe bocah sekelas.
Kancane sebangku ngomongi Muskhil;
“Mulane angger ana guru mlebu meng kelas, ya aja usreg bae!”
“Usreg kepriwe, wong mau nyong agi nggolet buku agama koh!” semaure Muskhil
“Yaa, Qo jane kudu rumangsa! Menawa jane, kabeh guru, kayane, wadheh banget maring Qo, Muskhil!” omongane kanca sebangkune kuwe.
“Iya ya. Salah sepethil bae wis kon maju, nggo dolanan!” Muskhil ngedumel.
“Muskhil, mau Pak Agam ngendika, Qo urung nyuwun ngapura. Nganah!” prentahe kancane
Muskhil mikir-mikir, terus semaur,
“Ya, mengko bar sekolahan, nyong nyuwun ngapura” janjine Muskhil.
“Neng ngendi? Neng ruang guru apa?” takone kancane
“Ora. Ora neng ruang guru! Sing penting, mengko, Qo kudu mbatiri inyong ya!”
“Lah!” semaure kancane madan wegah!
Gurune Seneng
Sekolahan bubar. Kabeh bocah pada bali ngumah. Muskhil ora gegen bali. Tapi thokrong madan adoh, neng ngarep masjid. Ngenteni Pak Agam. Muskhil paham lamona Pak Agam saben dina mesti maring masjid sekolahan, dadi imam jamaah dhuhur. Makmume biasane sing akeh ibu-ibu guru.
Bener. Muskhil weruh Pak Agam tindak maring masjid, bareng karo Bu Angry, lan guru putri liyane, loro. Bareng wis perek Muskhil menthungul. Mereki Pak Agam. Pak Agam semlengeren.
Muskhil marani, karo ndungkluk, sopan. Ibu-ibu guru uga semlengeren.
“Pak Agam, kula kala wau lepat. Nyuwun ngapunten!” tembunge Muskhil karo ngulungna tangan, ngajek salaman. Terus sungkem, ngambung tangane Pak Agam. Sungkem uga karo ibu-ibu guru.
“Kula, nyuwun pangapunten, nggih Pak!” tembunge maning sedurunge Pak Agam ngendika.
“Ya, wis. Tek ngapurani ya!”
“Maturnuwun, Pak!”
“Mulane dadi bocah sing manut ya. Wong guru toli mulang, ngajari, nuturi, bab-bab sing apik. Dadi Qo kudu manut, nurut, ngetut apa sing dewulangna neng guru-gurumu!”
“Nggih Pak. Kula insyaallah, kula manut, miturut wulangnipun bapak!” ature Muskhil. Astaghfirullah, guru papat kuwe, jan semlengeren pisan.
Jebul Muskhil ya bisa sopan, trapsila, tur basane apik. Ya, muga-muga dadi lan marine! Muskhil mengkone dadi bocah sing bener.
Pak Agam, neng mbatin seneng banget, Muskhil teyeng njaluk ngapura. Apamaning kekadeyan kuwe neng ngarepe Bu Angry lan ibu guru liyane. Ana rasa kepengin nepuk dada, mongkog atine.
Ibu-ibu guru uga, ngrasa lega neng ati. Ana rasa maturnuwun karo Pak Agam sing wis kasil ngeluk, nglencengaken bengkonge si Muskhil.
Apamaning bareng Pak Agam ngendika yen arep sholat dhuhur, terus nawani Muskhil kon melu sholat. Muskhil manut.
“Qo, wis dhuhur apa urung?”
“Dereng Pak!”
“Ya, solat! Jamaah!”
“Nggih Pak!”
Guru papat kuwe jan, rasane gemebyar, padhang njingglang.
Syukur banget!
Imam Pak Agam
Pak Agam kuwe guru Agama Islam dadi ya mesti, angger jamaahan, Pak Agam sing dadi imam. Neng ngarep dhewek. Suarane madan ngebas, gandem, enak neng kuping.
Muskhil ngundang kancane, sing mau mbatiri, kon melu jamaah dhuhur. Dadi dina kiye sing makmum mung wong lima, imame Pak Agam.
Pak Agam neng ngarep, mburine, jejer perek banget karo Pak Agam, Muskhill karo batire. Terus ibu-ibu guru shaf-e madan meng mburi, ana telung meter sekang imam.
Pak Agam ya wis priksa, menawa jamaah putri madan adoh, dadi angger takbir lan liyane kudu madan seru.
Suarane kudu madan seru, supaya genah, supaya jamaah putri bisa midhanget jelas, kapan takbir, kapan ruku, nganti kapan dhong salam.
Sebab makmume Muskhil, mula Pak Agam ya rasane madan beda gole ngimami, gedhe sethithike arep aweh conto kanggo Muskhil, kepriwe dadi imam sholat sing bener.
Mulane Muskhil sing maune, ngadege mbenggang, deutus kon madan perek imam.
Pokoke dina kiya jamaah sholate deanggep madan istimewa.
Astaghfirullah!
Klakon. Sholat jamaah rasane lewih mantep neng ati. Pak Agam banget krasane yen sholat dina kiye istimewa.
Dhuhur toli patang rakaat.
Rakaat siji, rakaat loro, tahiyat awal, klakon, lancar. Allahu Akbar!
Ngadeg maning.
Rakaat telu, rakaat papat, tahiyat akhir, banjur salam.
Tan kocapa bareng tekan salam.
Pog-poganing sholat dhuhur.
Pak Agam ya uluk salam, madhep ngalor
“Assalamualaikum warahmatullah!”
Krungu ana salam, Muhklis gegen bae semaur, suarane mantep
“Wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh!”
Pak Agam, karo madan ana rasa dheg, madhep ngidul
“Assalamualaikum warahmatullah!”
“Wa’alaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh!”
Ana salam maning, Muhklis ya semaur maning, mantep pisan
Ibu-ibu guru, jamaah putri, dadi istighfar, nyebut-nyebut;
“Astaghfirullah! Astaghfirullah! Astaghfirullahhaladzim!”
Pak Agam dhewek dadane madan sesek, unjal ambegan landung, banjur istighfar, lirih. “Astaghfirullah! Sabar, sabar, sabar!”
Karo nahan kemrungsunging ati, Pak Agam mingser madhep maring Muskhil.
Muskhil deelus-elus dengkule. Tembunge degawe sabar;
“Muskhil, angger neng pesholatan, tahiyat akhir, najan ana salam, Muskhil ora usah semaur; wa’alaikumsalam, ya!”
Muskhil mung manthuk, temungkul, ndeku.
Nanging, lamat-lamat, kayane ana ibu guru sing ora istighfar, malah mung gemuyu nyekikik, tapi detahan. Bu Angry dadi kepengin ngrewes Muskhil.
Ibu guru sing siji, ijig-ijig klepat, esih nganggo rukuh, metu sekang masjid, neng njaba masjid, gemuyu cekikikan, wis ora kena detahan maning.
Astaghfirullahhaladzim!
Bisane? Kenangapa?
Kenangapa jamaahe dadi gubes?
Kuwe sebabe, si Muskhil manut ngetut wulangane Pak Agam!
Umume makmun toli ora mangsuli salam, angger neg tahiyat akhir. Lah Muskhil koh semaur, suarane degawe mantep, seru!
Hah!
Muskhil karo batire lungguh anteng neng mburine Pak Agam.
Bocah loro planga-plongo, kaya wong bingung.
Batine surak!
Pak Agam, istighfar lirih, tapi dawa banget, “Astaghfirullaaaaah!”
Ana rasa rumangsa salah.
Gole mulang mau urung nganti tekan bab salam neng tahiyat akhir.
Makmum ora perlu, nyauri salam sekang imam.
===
Astaghfirullahhaladzim!
Saestu! Muskhil lan kula nyuwun agunging pangaksama bilih crita punika, kirang mranani ing galih. Muskhil sing manut, namung ngetut!
Nuwun.
==
Nuwun.
==
toto endargo
.