Bandhu Banyumasan (10): Muskhil Usil Dhong Dewulang Ilmu Kimia

Bandhu Banyumasan (10). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Muskhil Usil Dhong Dewulang Ilmu Kimia

Unsur Senyawa

Dewulang Bu Angry, guru IPA, jane mandan bebeh, sebabe Muskhil rumangsa, ngerti, yen Bu Angry jaan ora seneng karo dheweke.

Nanging kepriwe maning, murid ya kudu manut karo gurune. Gelem ora gelem kudu ngormati gurune. Kudune nyimak apa wulangane gurune.

Dina kiye Bu Angry mulang sepethil bab ilmu kimia. Bu guru nyerat neng blabag.
H – hidrogen
O – oksigen
C – karbon
Na – natrium
Cl – clorida
Deterangna sedhela, lamona sing detulis kuwe, jenenge unsur. Bocah-bocah ndomblong, akeh ora pahame.

Bu guru nyerat maning:
H2O = dihidrogen monoksida = air / banyu
CO2 = carbon dioksida = asap kotor / kukus kotor
NaCl = natrium klorida = garam / uyah

Deterangna sedhela, bab sing jenenge senyawa. Neng blabag wis genah; Apa tulisane, apa macane, lan apa tegese!

Ndremimil

Bocah-bocah ndomblong, akeh ora pahame. Nanging Muskhil malah slemengeren, seneng karo tembung tembunge.

Rumangsane tembunge apik pisan, kena nggo aran bocah. Terus nulis neng buku, tiru tembung istilah kimia sing neng blabag.

Lambene Muskhil siki komat kamit, dihidrogen monoksida, carbon dioksida, natrium klorida. Lambene ndremimil. Nganti kelalen yen lagi dewulang Bu Angry.

Bu Angry priksa Muskhil komat kamit ndremimil. Bu Angry api-api ora priksa. Nanging batine kepengin ngrewes lambene Muskhil sing komat kamit kuwe.

Bu Angry mbaleni nerangna bab unsur, terus mbaleni bab senyawa, kaya sing detulis neng blabag. Lah, si Muskhil tetep ndremimil ngapalna tembung-tembung sing neng buku.

Pikirane Muskhil: Paling-paling Bu Angry mung mbaleni nerangna bab unsur lan senyawa. Bener mbok. Suka ngapalna tembung-tembunge, tinimbang ngrungokna ngendikane Bu Angry. Hehe!

Detokna

Tankocapa Bu Angry, sing dhasare ora sreg karo Muskhil, ndilalah polahe Muskhil kuwe, kaya nyogok rempela. Dewulang malah ndremimil dhewek!. Gregel. Bu Angry kaya metu sungune, metu jalune, kepengin mbijig, kepengin ntladhung Muskhil nganti benjut.

Saking gregetene, Bu Angry metu tembunge sing madan kasar.
“Muskhil!” seru ngendikane Bu Angry.
Muskhil kaget, “Nggih, Bu!”
“Ko dewulang ora nyimak!”
“Nggih Bu!”
“Lambemu ndremimil, nganti kaya wulu laron!”
“Nggih Bu!”
“Ora susah semaur!”
“Nggih Bu!”
Sebab Muskhil esih bae, semaur. Najan mung nggah nggih. Bu Angry tambah duka.
“Dewulang cangkeme komat-kamit, ora leren leren. Ora sopan! Komat-kamit, kaya wedhus lagi nggayemi!”
Byuh!

Bareng krungu ngendikane Bu Guru, jere, komat kamit kaya wedhus, Muskhil langsung meneng. Batine campur aduk antarane jengkel karo nelangsa.

Bu Guru saking kesuhe, banjur ngendika.
“Muskhil ko metu! Metu meng njaba! Aja mlebung kelas nganti Bu Guru rampung mulang. Metu! Cepet!”

Muskhil banjur metu sekang kelas. Neng kuping esih nggembuleng suarane Bu Guru; “cangkem komat-kamit kaya wedhus nggayemi!” Dhuh! Rasane nelangsa, jengkel, kesuh, kepengin ngamuk, kepengin ntladhung!

“Awas!” batine Muskhil.

Tugas Guru

Bu Guru banjur mulang maning. Mulang kelas sing wis onana Muskhile, bocah-bocah dadi anteng banget. Mbok dukani kaya Muskhil.

Sepuluh menit sedurunge rampung, Bu Angry banjur nugasi bocah-bocah. Nulis neng selembar kertas apa-apa sing wis ditulis Bu Guru neng blabag mau.

Sing wis rampung nulis, kertas detumpuk. Terus deasta Bu Guru maring ruang guru, ngendikane arep denilai. Bell istirahat, moni, siki jam istirahat sing ke pisan.

Melu Numpuk

Bareng Bu Guru wis mios sekang kelas, Muskhil gagen mlebung kelas, takon maring kancane; “Ana tugas apa?”
“Kon nulis kuwe sing mau ditulis Bu Guru, terus ditumpuk, jere arep dinilai!”

Muskhil, gagean bae, terus nyewek kertas selembar. Nulis apa sing ditugasaken karo Bu Guru. Tugas, sing dhong Muskhil lagi deukum neng njaba kelas.

Muskhil banjur njaluk tulung karo si Preti, kon numpukna selembar kertas si Muskhil kuwe, maring Bu Guru, neng ruang guru. Ndilalah si Preti, bocah sing ayu dhewek kuwe ya manut, maring ruang guru, ngaturaken kertase Muskhil.

Bu Guru, gelem ora gelem, kersa ora kersa, tetep nampani. Bareng priksa kuwe garapane Muskhil, Bu Angry terus nyimak tulisan garapane Muskhil kuwe.

Palaparane Bu Angry mengkerut, gumun lan bingung, deneng si Muskhil, garapane jaan maen pisan. Bener! Tapi koh ana tambahane senyawa sing onana neng wulangan.

Senyawa Aneh

Bu Angry trataban, polah apa maning si Muskhil siki? Nduwur bener, nanging neng ngisor dhewek, garapane Muskhil, ana tambahane.

CO2T = Carbon dioksida + tembaga (T) = mulut / cangkem kewan

Bu Angry banjur takon maring Bu Sishy guru Bahasa Indonesia, mbok priksa apa maksud tulisane Muskhil.

“Bu, aku miki ndukani Muskhil, koh Muskhil terus nulis kaya kiye. Muga panjenengan priksa apa maksude!”
“Njenengan ngendika apa karo Muskhil, mau?”
“Ya inyong kesuh banget, wong dewulang ora nyimak, malah lambene ndremimil bae!”
“Terus?”
“Dadi tek omong, wong koh lambene ndremimil. Tutuke komat-kamit! Dadi aku ngomong. Komat-kamit kaya wedhus lagi nggayemi!”
“Yaah!”

Rong menit Bu Sishy mandeng tulisane Muskhil, sing ngisor dhewek. Kaya senyawa kimia, tapi kok ana tulisan cangkem kewan, aneh.

Muskhil ngawur, tembaga kuwe Cu, udu T. Muskhil mesthi agi usil, jengkel. Apa nyindir Bu Angry, ya?

Bu Sishy banjur mundhut kertas selembar, terus oret-oretan, kaya wong lagi ngrumus nomer.

CO2T = Carbon dioksida + tembaga (T) = mulut / cangkem kewan
CO2T= cangkem kewan
CO 2 T = CO CO T

“Bu, CO2T niku, dewaca co co + t, dados co …..” ngendikane Bu Sishy, nguja degawe ora tutug, ora tegel ngendika kaya kuwe neng ngarepe Bu Angry.
“Astaghfirullah …!” Bu Angry langsung lemes.

Pasrah

Bu Sishy, bisane mung gedheg-gedheg. Tembung kasar sing kudune ora metu. Malah nganti kewetu neng tulisane Muskhil.
Bu Angry, rasane nelangsa banget. Muskhil, Muskhil!

“Tembung kuwe, nggo sapa, jajal? Nggo Muskhil, apa nggo inyong sing mau ndukani?”
Bu Sishy meneng bae, nanging neng batin ya rumangsa; bisa nggo Muskhil sing komat kamit, bisa uga nggo Bu Angry sing kebanjur madhakna Muskhil karo wedhus sing lagi nggayemi.

Kanggo apike, Bu Sishy ngendika lirih;
“Wis Bu, aja depenggalih! Mulane aja kasar-kasar gole ndukani Muskhil, mbok mbaluk!”
Bu Angry, pasrah, senajan rasane malah dadi tambah nelangsa. Kepriwe maning. Kudu nangis.
Muskhil, Muskhil!
Tega, ko yaa!
.
Agi kepengin crita.
Ngapunten, ora mutu!
Nuwun.
.
Toto Endargo.
.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *