Bandhu Banyumasan (1). Nguri-uri basa penginyongan. Serial si Muskhil, episode: Numpuk Gambar
Guru IPS
Guru IPS kepengin aweh biji nggo muride, sing gampang nggole ngoreksi, gampang nggole mbiji, tur bocah bijine bisa degawe rata, paling sethithik bijine wolu.
Mulang wolung kelas, berarti paling ora 240 bocah. Angger ngoreksi siji-siji ya theol. Apa akale, ya?
Oh, kiye toli wulan Nopember. Ana pengetan dina pahlawan. Guru IPS kuwe angger ana tembung pahlawan, terus kelingan patang larik puisi karangane Toto Sudarto Bachtiar.
Terus reka-rekane kaya wong deklamasi, ngapalna puisi kuwe, sedhela.
Patang larik sing paling apal.
Hehe, joslah!
Saben kelas, debagi sepuluh kelompok, dadi sekelompok telung bocah. Sekarepe bocah, sapa balane sapa, sing penting segrup bocah telu utawa kurang.
“Bocah bocah, saben kelompok kudu, kudu, ngumpulna gambar pahlawan. Seklompok, gambare siji baen!”
“Pahlawan sinten, Pak?”
“Sapa bae, sing penting, pahlawan!”
“Nggih!”
“Ora kena nyewek sekang buku cetakan. Angger nyewek buku cetakan, tek denda!”
“Bukune dhewek, teng griya?”
“Tetep, kenang denda!”
“Oh!”
“Olih njiot sekang koran, utawa nggambar dhewek!”
“Yah, nggambar dhewek, ya angel?!”
“Gambar sekang koran, bijine wolu, tapi angger gambare, sejen dhewek sekelas, bijine sanga?’
“Nggambar dhewek, bijine pinten Pak!”
“Nggambar dhewek, bijine sanga!” .
Muskhil bingung.
Kelompoke, bocah telu, madhehi kabeh. Jian.
Koran? Maca bae ora tau, apamaning duwe.
Dina kiye, wulangan IPS.
Nyata, gurune wanti-wanti, kudu, kudu numpuk. Kudu! Kudu!
Tekan titi wancine! Guru IPS, wis krasa cukup gole ndongeng.
Ngendika:
“Ngeneh, tugas gambare pahlawan, detumpuk!”
Klompok siji, maju. Numpuk.
Guru IPS, sing wis madan ail gole crita, dadi kebeneran ana gambar, kena nggo ngentongna wektu, gole mriksani gambar degawe serius.
Klompok loro, maju, numpuk.
Maning, kena nggo ngentongna wektu. Kesel mulang. Mulang toli kesel.
Hehe… Muskhil panik.
Untung nggawa kertas gambar.
Nyewek selembar.
Nyilih garisan.
Muskhil, jan, sibuk temenan.
Sepuluh menit maning, bel.
Sedhela maning wulangane ganti, gurune ganti.
Gambar kudu dadi.
Wis. Dadi!
Gambar deanggep rampung.
Unjal ambegan.
Muskhil maju, numpuk gambar, neng nduwur dhewek.
Guru IPS sepleredan priksa kertas tumpukane Muskhil.
Guru IPS, mrengut.
Jelas banget! Muskhil, ngenyek banget karo gurune.
Madhehi sing keliwat-liwat.
Gurune rengu, pasuryane madan abang, hawa panas nggembuleng neng dada gurune.
“Muskhil!”
“Nggih!”
“Ko kepriwe. Kancane padha bener, deneng ko slentha dhewek!”
“Nggih!”
“Kiye ana gambar Jendral Sudirman, telu, Diponegoro telu, kiye RA Kartini!”
“Nggih!”
“Lha ko, gambar apa kiye? Kertas putih degarisi?”
“Nggih!”
“Gambar pigura?!”
“Sanes, niku gambar pahlawan!”
“Hah, pahlawan???”
“Nggih. Pasuryane angel degambar!”
“Pahlawan sapa??”
“Pahlawan Tak Dikenal!!”
Pleng. Gurune kaget!
Kengetan puisine Toto Sudarto Bachtiar, sing dong kae, deapalna, nggo deklamasi.
Judule Pahlawan Tak Dikenal.
“Sepuluh tahun yang lalu dia terbaring
Tetapi bukan tidur, sayang
Sebuah lubang peluru bundar di dadanya
Senyum bekunya mau berkata, kita sedang perang”
**
“Muskhil, Muskhil!” Gurune gedheg-gedheg,
“Dadi klompokmu njaluk debiji pira?
“Sanga!”
Guru IPS manthuk!
Slemengeren nyawang kertase Muskhil.
Hehehehe …
Ya. Iyalah!
Pahlawan Tak Dikenal, ya angel degambar.
Debayangna thok bae angel.
Maturnuwun .
Ngapunten agi pengin guyon.
Nuwun
===
totoendargo