Sangkalan lan Tjandrasangkala #3

Sangkalan lan tjandrasangkala iku barang sidji, nanging werdine warna loro, uga kena diarani nunggal rupa sedje rasa utawa nunggal dapur sedje tangguhe.
(……. Almenak Waspada 1957)

Sadurunge: Sangkalan lan Tjandrasangkala #2

 

Kabudajan Bintjil

Kabudajane wong Djawa asli bakune marnakake kabudajan petung utawa kabudajan bintjil. Bintjil, tegese petungan. Sabarang sing katon. sing diweruhi lan sing dingerteni, kajata: manungsa, kewan, tetuwuhan, barang2, pakerti. dina, pasaran Ilsp., kabeh dikertaadji utawa di wenehi bidji petungan dewe2.

Bidji petungan sing ditumrapake marang barang2 lan pakerti di sebut watak, lan sing ditumrapake marang dina lan pasaran saiki diarani neptu.

Samobah-mosiking uwong kajata: nek arep nggolekake patjangan anake, mantu lsp., mesti nganggo dipetungi disik apa tiba ala apa tiba betjik.

Nek petungane tiba ala, diwurungake, lan nek petungane tiba betjik, ja diterusake. Nek arep mbukak alas, pangkat mbeburu, mikat manuk. golek iwak loh, ngedegake omah, gawe sumur, nandur karangkrití Isp., ja nganggo dipetungi ala betjike disik.

Nulak ama, nambani wong lara, arep meruhi bedja tjilakane awake, ja nganggo dipetungi. Wong tuwa2 lan para dukun iku kabeh achli petung, kang uga disebut tukang bintjıl. Petungan bintjil pantjasuda, rakam lan paarasan iku marnakake pusaka tinggalane wong Djawa dek djaman kuna. Tekan dina iki wong sing ngandel marang petungan isih akeh.

Dadi wis terang kabudajane wong Djawa asli iku kabudajan petung utawa kabudajan bintjil.
Apa filosoof, achli petung, bangsa Junani sing kawentar kang asma Sang Pythagoras (570 – 500 sadurunge Masehi) olehe sok ngepal bedja tjilakaning uwong nganggo petungan angka iku niru bintjile wong Djawa? Pangripta ora ngerti.

Sengkalan kang rupa gambar gaweane wong Djawa dek djaman kuna maksude ja kanggo pengeling2. Upama wong tuwane mati, ing papan kubure diwenehi tenger watu utawa kaju digambar: tjetjak, lawang, dilah sarta kembang. Gambar2 iku marnakake tulisane wong Djawa deksemana, ora beda karo tulisane wong Mesir (hieroglyph), wong Babil lan tulisan Tionghwa kuna, kang uga rupa gambar2.

Tulisan kang rupa tjetjak, lawang, dilah lan kembang, nek diwatja muni utawa nuduhake petungan: 8-9-3-9.

Peprintjene mangkene: tjetjak watak 8. dienggo tengering dina, lawang watak 9, dadi tengering pasaran, dilah watak 3, dienggo nuduhake tibaning mangsa, kembang watak 9, kanggo nuduhake tanggale. Dina sing watak 8 iku dina Setu, pasaran sing watak 9 Paing. Dadi tjetane kudu diwatja mangkene: Setu Paing mangsa Katelu dina kang ka- ping 9.

Tulisan iku mula ora marnakake sengkalan tjatetan angka taun, sabab deksemana wong Djawa durung duwe petungan angka taun.

Tjonto maneh: upama wong gawe bangunan kanggo papaning panjembah marang dewa, diwenehi tenger gambar: kali, djaran, kaju rada ndojong sarta bunderan. Nek diwatja muni, utawa nuduhake petungan: 4-7-6-1. Tjetane nuduhake dina Senen Pon mangsa Kanem dina kang kaping sidji. Mangkono sabandjure.

Sengkalan kang isih prasadja mau, bareng entuk sumbangsih saka kabudajan Hindu dadi madju lan sampurna sarta marnakake peranganing kabudajan kasusastran Djawa kang endah. Lan sing disengkalani dadi mingset.

Maune kanggo njengkalani titimangsa, mingset dadi kanggo njengkalani angka taun Saka, taun gawane wong Hindu kang didadekake taun Djawa. Nanging titimangsa lan angka taun iku sakarone marnakake peranganing djaman utawa sangkala. Kira2 ja kala iku muntjule tembung tjandrasangkala.

Iki pangripta sabenere ja ming gagap2, mula bener lupute, memper utawa orane, dipasrahake marang pamanggihe para pudjangga, para achli kasusastran Djawa sarta para achli barang2 purbakala. Sabab djarene ing tanah Hindu kana ora ana kabudajan kasusastran kang wudjud sengkalan utawa tjandrasangkala.

Nyabung marang: Sangkalan lan Tjandrasangkala #4

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *