Babad ini menceritakan tentang pengangkatan Adipati Onje yang pertama oleh Sultan Hadiwijaya, dan juga silsilah keturunannya. Babad Onje merupakan salah satu bentuk karya sastra yang ada di masyarakat, yang disimpan oleh perorangan, milik Bapak Soepeno Adi Warsito.
Naskah berikut ini adalah suntingan dari sebuah teks yang dipandang paling dekat dengan teks aslinya. Disalin untuk dapat membantu memudahkan masyarakat dalam membaca dan memahami isi naskah Babad Onje.
Naskah aslinya berjudul “Punika Serat Sejarah Babad Onje”. Diteliti oleh Diana Wisnandari, dari Fakultas Bahasa Dan Seni, Universitas Negeri Semarang, Tahun 2007.
Kyai Tepus Rumput
Punika serat sejarah Badad Onje. Ingkang mertapa ing Onje nama Kyai Tepus Rumput. Sampuning tapa lajeng suwita dhateng Kanjeng Sultan Pajang. Boten antawis lami wonten dhawuh undhang,
”Sapa bocah ingsun kang bisa anjuput ali-aliningsun, Socaludira wasiyat, kang saiki kalebu ning sumur jumbleng”.
Ingkang abdi sami mboten wonten ingkang saguh mendhet, namung Kyai Tepus Rumput ingkang sagah saged mendhet. Lajeng dipun paekani, dinamelan sumur ing sandhingipun, nunten kepanggih kagungan dalem supe. Lajeng kapundhut kalih Kanjeng Sultan Pajang, dhawuhe Kanjeng Sultan,
”Ingsun ora wani-wani, sapa kang anemokaken, manira paringi bojoningsun bocah desa asal Menoreh, putrane Kyai Dipati Menoreh. Iya rawatana, ananging iya wus meteng olih kapat tengah; Poma-poma aja kowe tumpangi!”
”Inggih sakelangkung saking panuwun kula”
”Lan sira, manira paringi bumi karya rongatus mardika. Lan sira, manira sengkakaken ing luhur sinebut Kiyai Ageng Ore-ore”
Nunten lajeng mantuk dhateng dhusun teruka ing Onje.
Kiyai Dipati Anyakrapati
Sareng dugi ing mangsa zhohir, ingkang putra miyos kakung, lajeng ngunjuki uninga dhateng Kanjeng Sultan Pajang. Nunten angandika Kanjeng Sultan,
”Iya sira reksanen bocah iku dibecik, besuk menawi wus kelar angembat watang, iki gawanen melebu”.
Sareng sampun dugi ing mangsa, nunten kasaosaken melebu. Pangandikane Kanjeng Sultan,
“Ingsun derma bae, iya sira kang anduweni anak. Iki dadi wewinih ana ing desa, lan manira paringi bumi karya wolungatus tigang lawe, sarta katandha upacaraning bupati, lan keparingan nama Kiyai Dipati Anyakrapati ing Onje. Lan manira gawani sentana kamisepuh pitung somah dadia emban-embane ana ing desa Onje. Ana dene ratune Pandhomasan Timbang, Purbasari satus, Bobotsari Kertanegari satus, Kadipaten satus, Kontawijayan satus, Bodhas Mertasanan Mertamenggalan satus, Toyareka satus kawan desa, Selanga Kalikajar pitung desa, Onje kalihatus”
Kiyai Wiraguna
Lan sasurude Kanjeng Sultan Pajang, ketampen dhateng Kiyai Agung Metawis (Mataram), lan sasurude Kiyai Agung Metawis ketampi dhateng Pangeran Sayidiyah Kemuning. Nunten ketampen dhateng Pangeran Sayidiyah Krapyak. Nunten ketampen dhateng Kanjeng Sultan Kuwasa gugur ing Padhomasan. Onje mantuk dhateng Kotan kalihatus malih.
Kang jumeneng patih ingkang putra Kiyai Wiraguna, ingkang ibu Kiyai Wiraguna asal saking Onje, nunten dipun prentah tiyang dusun dhateng Kiyai Wiraguna. Sasurude Kiyai Wiraguna, ketampen dhateng Pangeran Sukowati. Lan sasurude Sultan ketampen dhateng Suhunan Plered.
Kersane Suhunan anjenengaken banon dhateng kawula tengahan, kapundhutan damel kawula saleksa lan pamanipun Kiyai Tumenggung Pangsengangan kalih Tumenggung Yudabangsa den pengkoni bumi tengahan lan den cacah Onje kabukten kawula tigang lawe den cacah kepanggih kawanatus. Kelintir tiyang Purbasari kinarya bantu dhateng kawula iya luwiyan.
Silep Kabupaten Ing Onje
Lan sasurude kanjeng Suhunan sumare ing ing Tegal Wangi, ketampen dhateng ingkang putra kang jumeneng Suhunan Emas seda ing Selong, ingkang madeg nata Kanjeng Suhunan Paku Buwana. Ingkang punika silep Kabupaten ing Onje, ingkang gumatos Kiyai Ngabei Dhenok ing Pamerden.
Kersanipun Kiyai Ngabei Dhenok, Ki Pangulu Onje kepacak perdikan keparingan dhusun tigang gerombol: Tuwanwisa, Pesawahan, Onje, kapidados angreksa pepundhen sarta kon angadegaken jumangah, keparingan nami Kiyai Ngabdullah ing Onje.
Nunten seda Kiyai Ngabei Dhenok, ketampen dhateng putra Kiyai Ngabei Gabug. Nunten Kiyai Ngabei kondur, nunten ketampen Kiyai Ngabei Cakrayuda asal saking Toyamas, nunten Kiyai Ngabei Cakrayuda kondur, ketampen dhateng Kiyai Ngabei Dipayuda kang saking Pagendholan.
Onje Pekauman
Wondenten perdikan Onje inggih kalulusaken mardikanipun nanging dipun elong ingkang kalih gerombol: Tuwansiwa, Pesawahan, ingkang merdika kantun Onje kemawon, dipun elong malih kantun Onje Pekauman kemawon. Taun sadasa dipun bedhal dados sabin, elong sewu ingkang punika inggih merdika.
Silsilah Keturunannya
Kiyai embah Dipati Anyakrapati aputra embah Antinegari, Antinegari aputra embah Jawangsa, Jawangsa aputra embah Ngabdullah, Ngabdullah aputra embah Sutarudin, Sutarudin aputra Kiyai Samirudin, Kiyai Samirudin aputra Kiyai Nur Muhammad, Kiyai Nur Muhammad aputra Kiyai Wiryabetsari, Kiyai Wiryabetsari maka aputra Kiyai Yudantaka sampun dumugi turun kaping sangan dugine Kiyai Yuda
—-
Demikian naskah Babad Onje yang berupa penyajian rekonstruksi teks Babad Onje milik Bapak Soepeno Adi Warsito, hasil upaya kerja keras Diana Wisnandari, dari Fakultas Bahasa Dan Seni, Universitas Negeri Semarang, Tahun 2007. Terimakasih.
Semoga bermanfaat
Salam
.
Toto Endargo