Gendhing Ki Nartosabdo
Sindhen: Nyi Suryati – Blater
ILOGONDHANG BANYUMASAN
toto endargo
Kadhar pira wong lanang sing rosa nggender
Esuk nggender, sore nggender
Bubar nggender kethewer-thewer
Kadhar pira wong lanang sing rosa, rosa ngendhang
Esuk ngendang, sore ngendhang
Kadhar pira wong lanang sing rosa, rosa nge-gong
Esuk nge-gong, sore nge-gong
Bubar nge-gong kejlegong-jlegong
Sari laut rama lae rama
Gluyur-gluyur padha bali ngonoh ngidul
Ilogondhang parikane
Duwa lolo o-o-ye
Eman, eman, man eman-eman
Sing eman ketemu kapan
Sing eman ketemu kapan
Dhongkel kelang, dhongkel kelang
Dhongkel kelang
Dhongkel kelang jeneng bung-ing alang-alang
Jeneng bung-ing alang-alang
Alang-alang
Wis sajege, wis sajege wong lanang gedhe gorohe
Wis sajege wong lanang gedhe gorohe
Bisa nggambang, ora bisa nyuling, mas, mas
Bisa nyawang, ra bisa nyanding
Rama, rama, ma-rama-rama
De tinggal rama melu sapa
Tinggal rama melu sapa
Turi rawa, turi rawa
Turi rawa
Turi rawa kulintang kembang guyanti
Kulintang kembang guyanti
Kembang guyanti
Gurang dangan, gurang dangan nggoleti sing eman maning
Gurang dangan nggoleti sing eman maning
Sarung plekat, iket blangkon, mas, mas
Yen ra nekat, ora kelakon
Sari laut rama lae rama
Gleser-gleser wong nonton neng sisih pager
Suwe-suwe ngincer inyong
Duwa lolo o-o-ye
Rumput toya, rumput toya
Maring nggon sing manten liya
Nalika kedanen liya
Omongna sing bener bae
De kemutan, de emutna
Nalikane durung wawuh
Nalikane durung wawuh
Omongna sing bener bae
Lemu thingkrang, lemu thingkrang
Manuk sing saba neng kandhang
Manuk sing saba neng kandhang
Omongna sing bener bae
Murang-muring, murang-muring
Wong dhemen arang kesandhing
Wong dhemen arang kesandhing
Sari laut rama lae rama
Gluyur-gluyur padha bali nganah ngidul
Ilogondhang Banyumasan
Klik menuju: Ilogondhang Banyumasan